Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
49–50 dari 234
297–298 dari 1.487
2.964–2.973 dari 14.865
049.051 pan kawula kang kinarya biting | ênêngêna ingkang bêbarisan | warnanên ingkang kinèngkèn | tan asuwe wus rawuh | dumarojog lumêbèng puri | sri narendra kapêndhak | kalaning alungguh | kalayan kang para garwa | sigra matur utusan saha wotsari | kawula tur uninga ||
049.052 putra paduka gusti kapilis | wontên rana aprang lan kang paman | anêmêni panumbake | Panêmbahan anjumbul | ingkang garwa dipun tingali | pan sarwi angandika | kadyapa arimu | sun nyana saya elinga [7: 42] | anakira iku ngong kon amanggihi | nora saya mundura ||
049.053 mundur bocah têka dèn têmêni | iku nyai paran karsanira | arinira bêrung bae | kang garwa nêmbah matur | lah punapa karsa sang aji | kawula tan angrasa | yèn darbe sadulur | sanadyan awak kawula | lamun ala suka sêbit rontang-ranting | pun yayi yêktos ala ||
049.054 Panêmbahan angandika aris | apa têmên yayi sira lila | adhinira ing patine | kang rayi nêmbah matur | pan kawula tan andarbèni | tingal lyan saking tuwan | tan darbe sadulur | anging sampeyan katingal | donya kerat tulusa dadosa gusti | ingkang garwa ingaras ||
049.055 lah ta karia ngong amit mijil | ingsun tilikane putranira | aprang ingsun tuwanane | asiyaga pan sampun | sri narendra anulya mijil | Kyai Bicak tinêmbang | swarane angungkung | gègèr wadya ing Mataram | pan sadaya prasamya amêpak baris | siyaga nêmbang durma ||
50. Durma
050.001 sampun pêpak gêgamanira sadaya | miwah kang para mantri | myang kang tuwa-tuwa | sampun prapta sadaya | Kya Măndaraka wus prapti | pan ora tega | maring putranirèki ||
050.002 sampun mangkat Panêmbahan ing Mataram | anitih kuda putih | aran pun Brayuda | lampahnya sêsandêran | sakèhing para prajurit | kang nunggang kuda | ika kang nora kari ||
050.003 tan asuwe wus praptèng ing pasanggrahan | nanging kasaput wêngi | arêrêp sakêdhap [7: 43: sakê...dhap] | sarêng byar ing raina | anulya amangkat jurit | Bicak tinêmbang | lir karêngèng ing langit ||
050.004 gêgaman bubar balakuswa Mataram | lir robing kang jaladri | wong Pathi miyarsa | wong Mataram anglanggar | gègèr puyêngan jro biting | tan kêna tata | maksih pêtêng kang wêngi ||
050.005 Panêmbahan ingkang lumampah ing ngarsa | Măndaraka tan têbih | angulati marga | arsa anglêbonana | maring bitinging wong Pathi | tan angsal marga | Mandraka ngunus kêris ||
297–298 dari 1.487