Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 234
303–304 dari 1.487
3.029–3.038 dari 14.865
| 051.015 | Panêmbahan angandika aris | maring kang ponang wong | aturana si kakang marene | sigra mêsat utusan gya prapti | Kapugêran nênggih | anulya umatur || |
| 051.016 | pan kawula dinuta de rayi | paduka sang katong | angaturi ing paduka anggèr | ingantosan wontên ing satinggil | pangeran andugi | ing karsa ri prabu || |
| 051.017 | wus akampuh sigra nulya mijil | dèn iring ponang wong | sêsandêran pan aglis praptane | sampun rawuh ngarsane kang rayi | ajajar alinggih | Mandraka nèng ngayun || |
| 051.018 | angandika sang sri narapati | mring kang raka alon | jêngandika lah kakang ing mangke | anampènana Dêmak nagari | madêga dipati | nèng Dêmak dèn sarju || |
| 051.019 | ingkang raka anuhun nampèni | andika sang katong | sigra bubar kocapa enjinge | sabrayanira [7: 51: sa...brayanira] tan ana kari | tan winarnèng margi | prapta lampahipun || |
| 051.020 | pan ing Dêmak sampun dèn anciki | idhêp sakèh ing wong | yèn ing Dêmak putra bupatine | sakathahing wong Dêmak pan ajrih | dhatêng sang dipati | Pugêr samya nungkul || |
| 051.021 | pamomonge ran Tăndhanagari | jêng pangeran kaot | pan ing mangke jinunjung linggihe | awasta Dipati Panjêr nênggih | kinarya pêpatih | pan sampun misuwur || |
| 051.022 | apan akarya pêpatih kalih | jêng pangeran mangko | dening wastane kang satunggile | nênggih ki adipati ing Gêndhing | puniku angsaling | wong Dêmak satuhu || |
| 051.023 | apan têtiyang sa-Dêmak mangkin | karèh ing wong roro | wadya sami ngidhêp sakathahe | adipati ing Dêmak amukti | timbang ing Matawis | ing kamuktènipun || |
| 46. Adipati Dêmak ambalela dhatêng Mataram | |
| 051.024 | ênêngakêna ing Dêmak nênggih | warnanên sang katong | ing Mataram siniwèng wadyane | para santana samya anangkil | myang para dipati | miwah pinisêpuh || |
303–304 dari 1.487