Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 234
303–304 dari 1.487
3.025–3.034 dari 14.865
051.011 angandika sang natèng Matawis | mring [7: 50] Mandraka alon | miwah mring Pangran Mangkubumine | paran karsa ing mangke puniki | wayah dika nênggih | ing Pugêr puniku ||
051.012 dene datan eca ingkang galih | aseba maringong | kakang êmas ing Pugêr karsane | adarbea cêcangkok pribadi | ing Dêmak anênggih | iku kang dèn jaluk ||
051.013 iku nalar dadia têtawing | panjênêngan ingong | nèng Mataram Mandraka sru linge | sakathahe pra bupati iki | sadaya ngong tari | paran budinipun ||
051.014 wadya Mataram asaur-pêksi | dhèrèk karsa katong | wontên ngriki pan èwêd manahe | lêng suwawi darbea nagari | pra santana sami | sadaya jumurung ||
051.015 Panêmbahan angandika aris | maring kang ponang wong | aturana si kakang marene | sigra mêsat utusan gya prapti | Kapugêran nênggih | anulya umatur ||
051.016 pan kawula dinuta de rayi | paduka sang katong | angaturi ing paduka anggèr | ingantosan wontên ing satinggil | pangeran andugi | ing karsa ri prabu ||
051.017 wus akampuh sigra nulya mijil | dèn iring ponang wong | sêsandêran pan aglis praptane | sampun rawuh ngarsane kang rayi | ajajar alinggih | Mandraka nèng ngayun ||
051.018 angandika sang sri narapati | mring kang raka alon | jêngandika lah kakang ing mangke | anampènana Dêmak nagari | madêga dipati | nèng Dêmak dèn sarju ||
051.019 ingkang raka anuhun nampèni | andika sang katong | sigra bubar kocapa enjinge | sabrayanira [7: 51: sa...brayanira] tan ana kari | tan winarnèng margi | prapta lampahipun ||
051.020 pan ing Dêmak sampun dèn anciki | idhêp sakèh ing wong | yèn ing Dêmak putra bupatine | sakathahing wong Dêmak pan ajrih | dhatêng sang dipati | Pugêr samya nungkul ||
303–304 dari 1.487