Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 234
304–305 dari 1.487
3.039–3.048 dari 14.865
051.025 dene ingkang sadhèrèk narpati | kêkalih kang anom | Mas Têmbaga namane duk lare | Ki Mas Kadhawung ingkang sawiji | ingkang karsa aji | pan jinunjung lungguh ||
051.026 mangkana andikaning narpati | mring sakathahing wong | hèh sakèhe wadyaningsun kabèh | ariningsun Mas Têmbaga mangkin | ingsun junjung linggih | lan yayi Kadhawung ||
051.027 Ki Têmbaga [7: 52] sun junjung dipati | Pugêr namanya wong | Ki Kadhawung iya kêkasihe | ajênênga Dêmang Tanpanangkil | santana ngèstrèni | tuwin pinisêpuh ||
051.028 Panêmbahan angandika malih | apa wartaning wong | kakang êmas ing Dêmak jênênge | apan tan ana sawalèng budi | ing Dêmak nagari | apa arja tulus ||
051.029 Martalaya matur saha bêkti | dhatêng ing sang katong | raka paduka pênêt wartine | tan wontên warti kang makèwêdi | kang kinarya patih | nênggih êmbanipun ||
051.030 Tăndhanagara jinunjung linggih | namane linorod | ingalih pun Panjêr kêkasihe | nagaranipun akarta karti | sigra sri bupati | jêngkar angadhatun ||
051.031 wus pirang taun lamine mangkin | sigêgên sang katong | ing Mataram wontên kocap malèh | adipati ing Dêmak anênggih | pan lagya tinangkil | dening mantrinipun ||
051.032 wus alami pan jênênge mangkin | tan seba sang katong | apan kalimput ing kamuktène | wontên bupatinipun sawiji | Dipati ing Gêndhing | ika wastanipun ||
051.033 sigra matur ing sang adipati | aturira alon | kawula nuhun gusti karsane | dening tan sowan dhatêng Matawis | atur ulun gusti | lêhêng sampun tanggung ||
051.034 yèn suwawi nagri lèring wukir | binahak kemawon | kinèn ngidhêpa ing Dêmak kabèh | lan sampeyan madêga narpati | apan tunggil wiji | lan rayi sang prabu ||
304–305 dari 1.487