Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 234
306–307 dari 1.487
3.059–3.068 dari 14.865
051.045 angandika sang natèng Matawis | mokal ujaring wong | apan ingsun piyandêl adêge | lamun kakang êmas ambahaki | wong saloring wukir | iku apan patut ||
051.046 nadyan amèta wong kidul wukir | ngong darma amomong | kakang êmas iya kang adarbe | iya Dêmak iya ing Matawis | wêlinge ramaji | pan kinèn apatut ||
051.047 Panêmbahan angandika aris | mring Mandraka alon | inggih eyang karsaningsun mangke | kakang êmas Dêmak ngong aturi | marang ing Matawis | lami tan têtêmu ||
051.048 lan sakèhe pawarta puniki | manawa tan yêktos | iku arsa sun yêktèkkên dhewe | yèn si kakang datan ana prapti | èstu tan sayêkti | gèn duwe sadulur ||
051.049 Ki Măndaraka asru dènnyangling | andhèrèk sang katong | miwah pun paman Mangkubumine | lawan pun paman ing Singasari | karsanipun sami | dhèrèk karsa prabu ||
051.050 lawan wêwêlinge duk ing nguni | rama dika katong | kinèn atuta darbe sadhèrèk | sintên kang wiwit awon kariyin | tan amanggih bêcik | wasiyat ing ratu ||
051.051 sigra sang nata angandikani [7: 55: angandi...kani] | mring gandhèke kang wong | lah lumakua mring Dêmak age | aturana kakang mring Matawis | matura sirèki | yèn kangên ngong langkung ||
051.052 lan sakèhe desa loring wukir | Kêndhêng turna mangko | kang dinuta amit mêsat age | tan winarna lampahirèng margi | apan sampun prapti | ing Dêmak jinujug ||
051.053 Dipati Dêmak lagya tinangkil | pêpak kang ponang wong | adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati Panjêr tan atêbih | wus atur upêksi | yèn utusan rawuh ||
051.054 praptèng ngarsa utusan wotsari | kawula kinongkon | dhatêng rayi paduka nah anggèr | ngaturakên dhusun loring wukir | sapindhahe malih | kawula ingutus ||
306–307 dari 1.487