Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
51 dari 234
306–307 dari 1.487
3.054–3.063 dari 14.865
051.040 mring Mataram ngaturi upaksi | marang ing sang katong | kawarnaa ing Mataram mangke | sri bupati pan lagya tinangkil | dening para mantri | ajêjêl supênuh ||
051.041 para santana kabèh anangkil | Mandraka tan adoh | Mangkubumi punika jajare | lawan pangeran ing Singasari | Martalaya nangkil | atap anèng ngayun ||
051.042 dyan warnanên putusan kang prapti | marêk ing sang katong | wus tinata utusan ature | kawula nuwun sri narapati | kawula sang aji | anênggih ingutus ||
051.043 pun paman Pajang atur upaksi | ing kangjêng sang katong [7: 54: ka...tong] | yèn pun kakang ing Dêmak karsane | ambalik dhatêng sri narapati | wong salèring wukir | pan sampun ingirup ||
051.044 kang abăngga apan dèn pêjahi | rabine binoyong | dipun jarah saraja-darbene | apan sampun jumênêng narpati | nagarèng pasisir | pan sampun misuwur ||
051.045 angandika sang natèng Matawis | mokal ujaring wong | apan ingsun piyandêl adêge | lamun kakang êmas ambahaki | wong saloring wukir | iku apan patut ||
051.046 nadyan amèta wong kidul wukir | ngong darma amomong | kakang êmas iya kang adarbe | iya Dêmak iya ing Matawis | wêlinge ramaji | pan kinèn apatut ||
051.047 Panêmbahan angandika aris | mring Mandraka alon | inggih eyang karsaningsun mangke | kakang êmas Dêmak ngong aturi | marang ing Matawis | lami tan têtêmu ||
051.048 lan sakèhe pawarta puniki | manawa tan yêktos | iku arsa sun yêktèkkên dhewe | yèn si kakang datan ana prapti | èstu tan sayêkti | gèn duwe sadulur ||
051.049 Ki Măndaraka asru dènnyangling | andhèrèk sang katong | miwah pun paman Mangkubumine | lawan pun paman ing Singasari | karsanipun sami | dhèrèk karsa prabu ||
306–307 dari 1.487