Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 234
302–303 dari 1.487
3.018–3.027 dari 14.865
| 051.004 | karsanira sang natèng Matawis | mêng-amêngan katong | laweyan pêthak langkung gêdhene | pan juru taman wastanirèki | ana ing jro puri | karsa kinon mêtu || |
| 051.005 | nèng kadhaton tansah ngrêrusuhi | nelad warna katong | para garwa kang tidha tingale | akathah garwa ingkang kagimir | nyana sri bupati | ika laminipun || |
| 051.006 | milanipun sang natèng Matawis | sêkti punjul katong | yèn ngambah sagara lir dharate | lamun arsa ngidêri nagari | ing sakêdhap prapti | ika purwanipun || |
| 051.007 | inggih pun juru taman kang nyunggi | saparan sang katong | mila lêwih sang nata sêktine | miwah lamun lumampah ing wêngi | tan ana kang wêrit | lan ora kasandhung || |
| 051.008 | kawarnaa sri bupati mijil | pêpak wadya katong | pra santana wus anangkil kabèh | Adipati Mandraka anangkil | Pangran Mangkubumi | ika jajaripun || |
| 051.009 | lawan Jêng Pangeran Singasari | anèng ngarsa katong | Martalaya anèng ing wurine | mung Pangeran Pugêr tan anangkil | langkung sakit galih | dening sanak sêpuh || |
| 051.010 | langkung merang aseba ing siti | dening sanak anom | adipati ing Pugêr karsane | adarbea cêcangkok pribadi | ing Dêmak anênggih | iku kang dèn jaluk || |
| 051.011 | angandika sang natèng Matawis | mring [7: 50] Mandraka alon | miwah mring Pangran Mangkubumine | paran karsa ing mangke puniki | wayah dika nênggih | ing Pugêr puniku || |
| 051.012 | dene datan eca ingkang galih | aseba maringong | kakang êmas ing Pugêr karsane | adarbea cêcangkok pribadi | ing Dêmak anênggih | iku kang dèn jaluk || |
| 051.013 | iku nalar dadia têtawing | panjênêngan ingong | nèng Mataram Mandraka sru linge | sakathahe pra bupati iki | sadaya ngong tari | paran budinipun || |
302–303 dari 1.487