Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51 dari 234
307–308 dari 1.487
3.064–3.073 dari 14.865
| 051.050 | lawan wêwêlinge duk ing nguni | rama dika katong | kinèn atuta darbe sadhèrèk | sintên kang wiwit awon kariyin | tan amanggih bêcik | wasiyat ing ratu || |
| 051.051 | sigra sang nata angandikani [7: 55: angandi...kani] | mring gandhèke kang wong | lah lumakua mring Dêmak age | aturana kakang mring Matawis | matura sirèki | yèn kangên ngong langkung || |
| 051.052 | lan sakèhe desa loring wukir | Kêndhêng turna mangko | kang dinuta amit mêsat age | tan winarna lampahirèng margi | apan sampun prapti | ing Dêmak jinujug || |
| 051.053 | Dipati Dêmak lagya tinangkil | pêpak kang ponang wong | adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati Panjêr tan atêbih | wus atur upêksi | yèn utusan rawuh || |
| 051.054 | praptèng ngarsa utusan wotsari | kawula kinongkon | dhatêng rayi paduka nah anggèr | ngaturakên dhusun loring wukir | sapindhahe malih | kawula ingutus || |
| 051.055 | ngaturi tuwan dhatêng Matawis | kang wêling sang katong | rayi paduka sangêt kangêne | dene alami datan kapanggih | dipati lingnyaris | nora gêlêm ingsun || |
| 051.056 | sigra mojar Adipati Gêndhing | kêras ujarnya wong | apan ingsun ingkang nora awèh | yèn aseba marang ing Matawis | pan wus madêg aji | ingsun kang anjungjung || |
| 051.057 | kari apa lan Prabu Matawis | padha putra katong | gustiningsun apan tuwa dhewe | apa nora pantês dadi aji | apan ingsun wani | Mataram amungsuh || |
| 051.058 | alah matura sira dèn aglis | marang ing sang katong | apan ingsun ingkang nora awèh | adipati angandika aris | warahên si adhi | ingsun ora purun || |
| 051.059 | têlasêna wadya ing Matawis [7: 56] | tan lumampah ingong | kang utusan wus pamit ulihe | tan kawarna ing marga wus prapti | nagri ing Matawis | warnanên sang prabu || |
307–308 dari 1.487