Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
51–52 dari 234
308–309 dari 1.487
3.074–3.083 dari 14.865
| 051.060 | sampun miyos sang nata tinangkil | pêpak wadya katong | Măndaraka tansah ing ngarsane | miwah Jêng Pangeran Mangkubumi | lawan Singasari | tansah anèng ngayun || |
| 051.061 | sampun prapta utusan wotsari | anuhun sang katong | apan sampun paduka akèngkèn | angaturi raka padukaji | pan botên lumaris | sampun madêg ratu || |
| 051.062 | Ki Dipati Gêndhing kang akardi | mila madêg katong | wus misuwur nagari bang êlèr | wêlingipun mring kawula gusti | dèn ajana kari | wong Mataram iku || |
| 051.063 | măngsa ingsun gêlêma nindaki | mring Mataram ingong | pan ingsun duwe nagara dhewe | kathah-kathah ujare rumiyin | lan Dipati Gêndhing | nênggih botên patut || |
| 051.064 | adat awon cangkême pun Gêndhing | tan layak kawiyos | sampun têlas kang duta ature | sapamirsanya sri narapati | dahat èmêng galih | asmara tyasipun || |
| 52. Asmaradana | |
| 052.001 | angandika sri bupati | inggih kaki Măndaraka | punapa karsane ngakèh | ing mangke wuwus saèstya | ing ala bêcikira | Ki Măndaraka umatur | yèn mangkotên rakandika || |
| 052.002 | dening angowah-owahi | ing wasiyat ingkang rama | amokal lampah karsane | singa ingkang miwitana | măngsa botên manggiha | ipat-ipat kang sinuhun [7: 57: sinu...hun] | măngsa manggiha raharja || |
| 052.003 | karsa manira ing mangkin | lah suwawi linurugan | lah Ki Mangkubumi priye | miwah anak Singasêkar | lah paran karsa para | Pangran Mangkubumi muwus | inggih ta ngantos punapa || |
| 052.004 | Panêmbahan ngandikaris | bênêr samya tandangana | pan wus karuan alane | kakang Adipati Dêmak | arsa angayonana | têpung brêngos lawan ingsun | lah payo padha dandana || |
| 052.005 | Kakang Martalaya aglis | pakênira têngaraa | Martalaya sigra bêndhe | obah kang wadyèng Mataram | samya dandan sanjata | wus dandan sajuru-juru | kang wadyabala Mataram || |
308–309 dari 1.487