Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 234
313–314 dari 1.487
3.122–3.131 dari 14.865
052.044 anulya dipun gêbugi | ingantêban lan lêlungka | saha pinopor êndhase | Dipati Panjêr wus sayah | gulimpang nuli niba | gya binasta kinayuyung | prajurite kathah pêjah ||
052.045 baris Mamatam nginêbi | Dipati Dêmak kinêpang | mung kari kajinêmane | kang aran Sapigumantar | lawan pun Sêcaula | Mete-mete lan Pangamuk | lan Ki Dêmang Panayaban ||
052.046 pun Sabalong Sababêngi | lan Ki Arya Rêrusuhan | ika sami lêlurahe | Dipati Dêmak sira gya | nêmpuh lan kajinêman | sing katêmpuh pan malêdug | kalangkung prakosanira ||
052.047 wong Mataram kathah mati | dening [7: 63: de...ning] dipati ing Dêmak | apan langkung prakosane | tan ana braja tumama | dening kang kajinêman | apan sampun têlas lampus | rinêbut de wong Mataram ||
052.048 amung kantun sang dipati | kinêpung de wong Mataram | samya ngagêm canggah kabèh | dipati pan kinathahan | cinanggah keri kanan | kudane pan sampun lampus | gêgamane sampun gigal ||
052.049 lir banthèng atawan kanin | pangamuke karo tangan | wadyane wus lêbar kabèh | kalangkung dènnya prakosa | adipati ing Dêmak | sing katarajang malêdug | ingamuk kalawan asta ||
052.050 wong Mataram akèh mati | jinêjêg miwah dinugang | kang tinampèl tugêl dhase | kang katêrak bubar-bubar | binithi kapisanan | myang jinagur akèh rêmpu | kang sinampar kapalêsat ||
052.051 angamuk saya nêngahi | sang adipati ing Dêmak | wong Mataram mara kabèh | dipati wus kinathahan | cinanggah jinaringan | pangamuke sampun liwung | sarira kuthah ludira ||
052.052 ginitikan lawan bêdhil | kinêbyok watang kumbala | tan katingal pangamuke | datan pasah dening braja | adipati ing Dêmak | pangamuke dahat têguh | kalintang prakosanira ||
052.053 rosa pira wong sawiji | kinarubut ing akathah | pasthi kawon ing têmahe | jinirêtan jinaringan | sira Dipati Dêmak | kang sarira sampun lêsu | Ki Baurêksa narajang ||
313–314 dari 1.487