Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
53 dari 234
318 dari 1.487
3.171–3.180 dari 14.865
053.027 Ki Mas Pethak pan jinunjung linggih | tinanêm anèng Madiun ika | Ki Mas Pethak dipatine | pan wus anèng Madiun | apan wênang darbe pêpati | Pangeran Singasêkar | darbe putra jalu | Ki Mas Wujil wastanira | wus jinunjung lungguh Radèn Wiramantri | punika wastanira ||
053.028 pan sinungan nagri Pranaragi | wong Panaraga nungkul sadaya | ya ta kang tinutur malèh | ingkang raka sang prabu | ingkang raka pangulu nênggih | Pangran Juminah ika | pan aputra jalu | satunggil jinunjung lênggah | de sang nata apan sinungan kêkasih | Adipati Balitar ||
053.029 lawan malih putrane Dipati | Măndaraka putrane sakawan | kang sami jalu kathahe | kacarita têtêlu | ingkang èstri amung satunggil | iku [7: 72: i...ku] wuragilira | wastane kang sêpuh | Pangran Manduranagara | arinipun Juru Wirapraba nênggih | Juru Kithingtaruna ||
053.030 wuragil èstri ika ta krami | ingkang angsal sira adipatya | ing Batang pan nagarane | ya ta ingkang winuwus | Pangeran Maduranagari | putranipun sakawan | kang kêkalih wau | wus jinunjung linggihira | de sang nata kang tuwa sinung kêkasih | Pangran Mandurarêja ||
053.031 ingkang anèm sinungan kêkasih | nênggih pangeran ing Upasănta | wus sami sinung kamuktèn | rayinipun sang prabu | Radèn Pringgalaya anênggih | putranira akathah | nênggih kang panggulu | wus jinunjung lungguhira | akêkasih Prawirataruna nênggih | sampun sinung kawiryan ||
053.032 kang panêngah wus jinunjung linggih | ki adipati ing Martasana | pan akathah sadhèrèke | apan namung puniku | kang jinunjung linggihirèki | ênêngêna sêmana | kocapa sang prabu | nênggih aputra lêlima | ingkang jalu sakawan èstri satunggil | putrane sri narendra ||
053.033 kang têtiga tunggil ibu nênggih | pambayunipun Rahadèn Rangsang | ni mas Pandhan panggulune | Radèn Mêmênang Prabu | wontên dening ingkang kêkalih | Rahadèn Martapura | iku sanès ibu | kalihnya ran Radèn Cakra | pan Martapura darbe sakit kagingsir | nanging ta amêmangsan ||
053.034 ri sampuning mangkana winarni | sri narendra malih kang kocapa | datan kawarna lamine | jênêngira sang prabu | apan sampun rowêlas warsi [7: 73] | sêmana nulya gêrah | Karapyak gènipun | ingadhêp ing para garwa | para putra santana sami sumandhing | maring Jêng Panêmbahan ||
053.035 Panêmbahan angandika aris | mring kang eyang Dipati Mandraka | myang Pangran Purubayane | lah kaki dika maju | lawan kaki Purubayèki | manira amêmêkas | sampun sami maju | kalih wus binibisikan | alah kaki kakang ing sapungkur mami | kang èstu jumênênga ||
053.036 kang gumantia karaton mami | nèng Mataram kaki buyut ika | Ki Rangsang iku yogyane | kang madêga satuhu | amutêra nagri Matawis | apan iku prakosa | ing karatonipun | iya ing sapungkur ingwang | tingal ingsun datan ana kang nimbangi | ing jênênge Ki Rangsang ||
318 dari 1.487