Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
53 dari 234
315–316 dari 1.487
3.146–3.155 dari 14.865
| 053.002 | pan winênang akarya pêpati | pan ingiring dening payung bawat | sakawan kandhaga lante | nênggih pamomongipun | iya Răngga ing Panaragi | mantrinira sadaya | punika ingetung | Ngabèi Malangsumirang | Nayahita lawan Panji Wirabumi | miwah ingkang lêlurah || |
| 053.003 | Gêniroga wastane sawiji | lawan sira Ki Surănggamarta | Ki Lumaju katigane | Soda sakawanipun | Mangkudirja ingkang sawiji | lawan Andakawana | Singadarpa iku | lawan Ki Wirasantika | wontên malih kang aran Răngga Sumêngit | lawan Ki Cakrawăngsa || |
| 053.004 | kang sakawan payung bawat sami | kang sadasa lêlurah sadaya | prasamya lêlinggih lante | lêlurah patang puluh | kang wêwolu linggihe nênggih | kapêdhake akathah | cacah kalih atus | kajawi lêlurahira | para mantri punika datan kawarni | pêpak sami aseba || |
| 053.005 | mantrinira wau Ki Dipati | Jayaraga agêng manahira | kalimput dening kamuktèn | angrasa lamun purun | ngrêbat waris kraton Matawis | ya ta miyos sineba | ing pasowan agung | dening mantrine sadaya | lêlurahe pêpak prasamya anangkil | dipati angandika || |
| 053.006 | paman Răngga sira ingsun tari | lan si bapa Wirabumi sira | lah karsa ulun ing mangke | ulun arsa amungsuh | maring kakang Prabu Matawis [7: 67: Mata...wis] | prasamya sinasuta | mring yayah karuhun | sasêtya singa prakosa | pasthi iku jumênêng Nata Matawis | iku lah karsaningwang || |
| 053.007 | apan ulun ring mangkya puniki | pan kawasa angrurah sang nata | rumăngsa ngong adu akèh | Pangeran Răngga matur | nuhun duka ulun puniki | sampun anggèr mangkana | dahat ulun nuhun | pan paduka kinasihan | sinung mukti lan nagri rajapêpati | dhatêng raka paduka || |
| 053.008 | Pangran Jaraga sigra dènnyangling | ulun iki bapa datan kêna | kita ampaha ing mangke | lêlurah gya umatur | ulun iki dhatêng suwawi | inggih ngantos punapa | wus sêdhêng tinêmpuh | wadya tuwan pan akathah | yèn adunên kalawan wadyèng Matawis | tan wontên gumingsira || |
| 053.009 | dahat ature Ki Wirabumi | angambêngi lan Pangeran Răngga | datan piniyarsa ture | mantri sakawan rêmbug | datan wontên pinirsa sami | sigra nulya luwaran | kasaput ing dalu | Pangran Răngga rêrêmbugan | lawan Panji Wirabumi lan Ngabèi | Malangsumirang sira || |
| 053.010 | lan Dêmang Nayahita tan kari | Pangran Răngga ika angandika | lah kadyaparan rêmbuge | mênggahing gusti iku | nanging boya kêni ngaturi | kêdahnya mêngsah nata | balik karsanipun | amêngsah mring wong Mataram | datan wande mantri sakawan puniki | pasthi dadi kêthokan || |
| 053.011 | alah nêdha matur ing narpati | samya ngaturakên pêjah gêsang | kang rayi awon sêdyane | mantri [7: 68] sakawan rêmbug | nulya dandan bubar ing wêngi | mantri ing Kajaragan | dhatêng alun-alun | lêlurahipun sadaya | sami mirsa yèn Răngga lan Wirabumi | lolos ing wêngi ika || |
315–316 dari 1.487