Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
53 dari 234
318–319 dari 1.487
3.176–3.185 dari 14.865
| 053.032 | kang panêngah wus jinunjung linggih | ki adipati ing Martasana | pan akathah sadhèrèke | apan namung puniku | kang jinunjung linggihirèki | ênêngêna sêmana | kocapa sang prabu | nênggih aputra lêlima | ingkang jalu sakawan èstri satunggil | putrane sri narendra || |
| 053.033 | kang têtiga tunggil ibu nênggih | pambayunipun Rahadèn Rangsang | ni mas Pandhan panggulune | Radèn Mêmênang Prabu | wontên dening ingkang kêkalih | Rahadèn Martapura | iku sanès ibu | kalihnya ran Radèn Cakra | pan Martapura darbe sakit kagingsir | nanging ta amêmangsan || |
| 053.034 | ri sampuning mangkana winarni | sri narendra malih kang kocapa | datan kawarna lamine | jênêngira sang prabu | apan sampun rowêlas warsi [7: 73] | sêmana nulya gêrah | Karapyak gènipun | ingadhêp ing para garwa | para putra santana sami sumandhing | maring Jêng Panêmbahan || |
| 053.035 | Panêmbahan angandika aris | mring kang eyang Dipati Mandraka | myang Pangran Purubayane | lah kaki dika maju | lawan kaki Purubayèki | manira amêmêkas | sampun sami maju | kalih wus binibisikan | alah kaki kakang ing sapungkur mami | kang èstu jumênênga || |
| 053.036 | kang gumantia karaton mami | nèng Mataram kaki buyut ika | Ki Rangsang iku yogyane | kang madêga satuhu | amutêra nagri Matawis | apan iku prakosa | ing karatonipun | iya ing sapungkur ingwang | tingal ingsun datan ana kang nimbangi | ing jênênge Ki Rangsang || |
| 053.037 | lan malih kaki wawêkas mami | ingsun dhimin darbe kêkudangan | maring Ki Martapurane | saprayogane laku | nanging dipun kalakon ugi | nuli dipun lungsura | sampun kongsi dangu | nuli Ki Rangsang madêga | alah uwis puniku wawêkas mami | poma dèn kalampahan || |
| 053.038 | Dipati Pringgalaya winangsit | Panêmbahan aris angandika | hèh putraningsun sakèhe | lah ta sapungkur ingsun | dipun atut ajana sêngit | yèn ana sêdya ala | ywa nêmu rahayu | lah ta uwis poma-poma | wus karia lah kaki manira amit | sang nata nulya mafad[1] || |
| 053.039 | para garwa gumêdêr anangis | para putra karuna sadaya | wong dalêm gumêr tangise | swaranipun gumuruh | sarya udan [7: 74: u...dan] ariwis-riwis | gunung Marapi obah | swarane gumludhug | kang layon wus siniraman | wus kinapan dipun salatakên nuli | binêkta mring astana || |
| 053.040 | wus sinare layone narpati | sakilène Masigit Mataram | anèng dagane eyange | sakèhing para kaum | maca dunga nulya ataklim | sampun mêdal sadaya | wong dalêm gumuruh | duk samana sinêngkalan | sanjata tri bayu tunggal iku nênggih |[2] kawarnaa sêmana || |
| 053.041 | sasedane prabu ing Matawis | ing Karapyak wau kawarnaa | Pangeran Martapurane | ginantyakkên kaprabun | mung sakêdhap jumênêng aji | nglampahi kakudangan- | nira sang aprabu | kang rama duk dèrèng seda | nanging mangke apan sampun dèn aturi | miyosa siniwaka || |
318–319 dari 1.487
| 1 | wafad. (kembali) |
| 2 | Tanggal: sanjata tri bayu tunggal (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. Tahun wafatnya Panembahan Krapyak (bertakhta c. 1601–13), putra dari Panembahan Senapati (bertakhta c. 1584–1601). Setelah Panembahan Krapyak wafat, putranya Pangeran Martapura melepaskan takhta dan digantikan saudaranya Pangeran Rangsang, yang dijuluki Prabu Pandita Cakrakusuma dan kemudian bergelar Sultan Agung (bertakhta 1613–46). (kembali) |