Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
54 dari 234
331–332 dari 1.487
3.305–3.314 dari 14.865
| 054.110 | anyamêthi kuda Arya Pulangjiwa | ngêmbat lawung kumitir | payo kêmbulana | sun Arya Pulangjiwa | têdhaking jaran Panolih [8: 15] | têka ing Sampang | rêbutên ing ajurit || |
| 054.111 | sarêng mara balane Ki Pulangjiwa | Ki Jalaga Jakarti | parêng anarajang | bupatine kang wetan | akarsa angantêp jurit | Pangeran Japan | têngaranya anitir || |
| 054.112 | ing panêmpuhira prajurit bang wetan | wong Mataram nadhahi | samya purunira | têmpuh kang punang yuda | acampuh sami prajurit | suraking bala | lir udan sinêmèni || |
| 054.113 | wong bang wetan singa mara têtumpêsan | kang mundur nandhang kanin | Arya Pulangjiwa | sampun kèsisan bala | pangamuke ngowak-awik | tiyang têtiga | Ki Jalaga Jakarti || |
| 054.114 | pan sinosog ing ganjur de wong Mataram | angamuk dèn gitiki | Jakarti Jalaga | kalih wus kapalajar | Arya Pulangjiwa kari | kinêpang-kêpang | ginitikan ing bêdhil || |
| 054.115 | pira kuwate Ki Arya Pulangjiwa | abêbalunga wêsi | sungsuma gêgala | kinarubut ngakathah | kuwat apa wong sawiji | Ki Pulangjiwa | pan sampun angêmasi || |
| 054.116 | wus katigas janggane Ki Pulangjiwa | wong wetan kabèh unir | anulya lumajar | bupatine sadaya | wong Mataram anututi | akèh kacandhak | wus samya dèn tigasi || |
| 054.117 | Ki Tumênggung Kapulungan Pasêdhahan | palayune anggêndring | wus atinggal kuda | waosipun binuwang | rasukanira winalik | kadhungsang-dhungsang | tiba jongor kapesing || |
| 054.118 | ki dipati ing Gêndhing ing Surabaya | sampun malik kulambi [8: 16] | kudane katilar | waos sampun binuwang | lumayya sarwi anangis | nora kayaa | lêlakon apa iki || |
| 054.119 | sok pêranga kaburu nora atata | dhuh bojo rencang mati | nusup ing galagah | sarwi akadhungsangan | ambêkane kêmpis-kêmpis | pasambatira | tan pêgat andharidhit || |
331–332 dari 1.487