Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54–55 dari 234
333–334 dari 1.487
3.322–3.331 dari 14.865
054.127 sampun bubar wadyabala ing Mataram | wingi wontên ing margi | têlas aturira | pun Dêmang Jasupănta | gêgêtun sri narapati | babade buta | dahana margèng bumi |[1]|
054.128 angandika sang nata lah poyanana | rabine Surantani | wong gandhèk saksana | sigra nulya lumampah | praptèng wisma Surantani | wus pinoyanan | graha brăngta anangis ||
55. Asmaradana
055.001 garwane Ki Surantani | têtiga sarêng karuna | amlas-asih sêsambate | dhuh kiyai gustiningwang | basane sih ing garwa | ing mangke tilar maringsun | sarya ngrangkul putranira ||
055.002 garwa katiga anangis | ingkang putra pan binakta | mapag bandhosa praptane | sadalan umyung karuna | sêsambate mlas-arsa | garwa dènira amuwun | lumampah abêbondhètan ||
055.003 sakèhing kang aningali | samya kapiluyu ngucap | dening putra panangise | liwat dening dudut manah | putranyalit karuna | sing wong kang samya andulu | tan wruh yèn mijil kang waspa ||
055.004 dupi bandhosa pinanggih | saya kapatya karuna | garwane ki arya kabèh | samya nangis gêgulungan | sêsambate alara | kawula tan bisa kantun | amomong ing putrandika [8: 18] ||
055.005 sagêt punapa pawèstri | ing nguni ing putrandika | kaniaya gustiningong | nênggih ta dika tulusa | angabdèkkên kawula | sun têtêdha gustiningsun | kapanggiha donyakerat ||
055.006 mangkana ingkang winarni | gêgaman agêng wus prapta | bupati wus sowan kabèh | prapta ngarsane sang nata | sadaya awotsêkar | sakathah pra mantri wau | wus atur bêkti sadaya ||
055.007 Pangran Purubaya nênggih | ngaturkên sapolahira | inggih atur kawulanggèr | pun uwa ngaturkên tiwas | abdi dalêm kèh pêjah | Surantani pêjahipun | punika tiwas kawula ||
055.008 punapa karsa sang aji | sultan aris angandika | lah punapa winiraos | uwa wus karsaning Allah | sok kang kantun pênêda | sultan anggêganjar sampun | mring sakèh mantri Mataram ||
333–334 dari 1.487

 


Tanggal: buta dahana margèng bumi (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. Kyai Surantani diutus Sultan Agung untuk menyerang bagian timur (bang wetan) Jawa termasuk Malang dan Pasuruan. Kyai Surantani terbunuh oleh pasukan Surabaya dalam perjalanan pulang. (kembali)