Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54 dari 234
324–325 dari 1.487
3.236–3.245 dari 14.865
054.041 ing Kalangbrèt Kartasana Kamagêtan | miwah sira Dipati | Pasuruan ika | kalawan ing Winongan | Lumajang Rênon abaris | nagara Malang | prasamya ngati-ati ||
054.042 kagegeran wong cilik angungsi kutha | wong kutha samya ngungsi | marang gunung samya | wayang-wuyungan ika | anêngakêna rumiyin | dyan kawuwusa | gêgaman ing Matawis ||
054.043 sampun prapta sakiduling Pasêdhahan | angetan lampahnèki | wadya Pasêdhahan | barisa jroning kitha | gêgaman Matawis prapti | anèng Winongan [8: 6: Winong...an] | sêdya amondhok sami ||
054.044 ing Winongan sawetan[1] ing Pasêdhahan | sampun atata baris | gêgaman malatar | wong cilik arêrangkah | sampun prayitna ing wèsthi | wadya atata | kawarnaa ing latri ||
054.045 Kyai Arya Surantani rêrêmbagan | lan sagung pra dipati | ki arya angucap | sira Ki Alap-alap | sira mintara dèn aglis | marang Lumajang | Rênon dipun lêstari ||
054.046 anggawaa kandhaga lante sakawan | wong Sèwu lan wong Bumi | lan wong numbakanyar | iku sira gawaa | pra dipati samya angling | ing Pasêdhahan | botên binêdhah mangkin ||
054.047 lah suwawi ing karsa dawêg binêdhah | wong Pasuruan tintrim | Surantani nabda | manira tan winêkas | dening sultan ing Matawis | mapan kawula | tan purun anglampahi ||
054.048 lah ta sampun Ki Tumênggung Alap-alap | sira mintara aglis | Lap-alan[2] wus bubar | bêkta bawat sakawan | punika sami prajurit | pan tatu tatal | kinêmbulan ing jurit ||
054.049 tan kawarna ing marga pan sampun prapta | ing Lumajang abaris | Dipati Lumajang | minggat bangun raina | wong Mataram wus udani | sigra têngara | bubar agya nututi ||
054.050 ya ta bubar prasamya akêkapalan | kacandhak pinggir ngardi | anulya tinunjang | mawur kula Lumajang | dipatine ngungsi wukir | prajuritira | kang kacandhak kèh mati ||
324–325 dari 1.487

 


sawêtaning. (kembali)
Lap-alap. (kembali)