Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54 dari 234
327–328 dari 1.487
3.263–3.272 dari 14.865
054.068 wadya Tuban Kyai Patijasupănta | ing Sidayu anami | Ki Martanagara | Dipati Surabaya | Lamongan lawan Garêsik | bupatinira | ingkang nindhihi baris ||
054.069 wastanira nênggih Ki Răngga Pramana | ing kakang anindaki | dipati ing Japan | kang dadi senapatya | wus sami bubar kang baris | amêmêlagar | wana dipun basmèni ||
054.070 wong Kadhiri tan mêdal saking ing kitha | dening sampun karampit | angêbêki kitha | pan samya amalatar | anjagani wong Matawis | ya ta kocapa | wau wadya Matawis ||
054.071 hèh wong batur lah têtunon ika apa | lor wetan saking riki | sigra kajinêman | angaturi uninga | maring Arya Surantani | lamun wong wetan | punika anututi ||
054.072 têtindhihe nênggih pangeran ing Japan | andêl-andêling jurit | Arya Pulangjiwa | nagarane ing Sampang | lawan Adipati Gêndhing | ing Surabaya | ingkang dadi têtindhih ||
054.073 Pasuruan Ki Tumênggung Kapulungan | lan Răngga Lêlanèki | Ki Răngga Pramana | nênggih [8: 10] ing Surabaya | Tuban Sidayu Garêsik | Lasêm Lamongan | punika anututi ||
054.074 Kyai Arya Surantani angandika | mring Alap-alap nênggih | kalamun mangkana | sakèhe baboyongan | padha lakokêna dhimin | sira anulya | utusana dèn aglis ||
054.075 mring sakèhe para santana Mataram | Lap-alap nulya aglis | ngaturi uninga | mring sakèhing santana | nulya Arya Surantani | têngara bubar | obah wadya Matawis ||
054.076 gêgamane prasamya bali sadaya | marêp mangetan malih | pan sampun atata | anuli sigra mara | abaris wetaning kali | Pangeran Pajang | dadi pangawat kering ||
054.077 Dipati Martalaya Mandurarêja | Upasănta prajurit | pan sakancanira | wong Panumping sadaya | dadi pangawat ing kering | para santana | têngên dèn pangawati ||
327–328 dari 1.487