Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
54 dari 234
329–330 dari 1.487
3.283–3.292 dari 14.865
| 054.088 | wong Mataram sinosog ing ganjur atap [8: 12] | kasalêg dening warih | akathah kang pêjah | prajurit kèh kabranan | asuwe ukih-ingukih | lan wong Mataram | akèh mati ing warih || |
| 054.089 | kali Andaka wetan kala sêmana | toyanya mili gêtih | gêtihing kabranan | lawan gêtihing kuda | Kyai Arya Surantani | sampun palastra | anèng sajroning kali || |
| 054.090 | sakathahe wong Mataram kang santana | prasamya ambêdhili | saking ing pinggiran | liwat pangawat kiwa | wong wetan mundur kang baris | prajuritira | lumampah anèng wingking || |
| 054.091 | Kyai Arya Pulangjiwa ing Madura | undure dèn payungi | payungipun seta | sarwi sira angucap | babrêngose dipun puntir | ora sapira | prajurit ing Matawis || |
| 054.092 | nora năngga ing yudane Pulangjiwa | têdhak jaran Panolih | sakèh wong bang wetan | prasamya pinayungan | samarga atutur jurit | prapta pondhoknya | sampun sinaput wêngi || |
| 054.093 | jisimira kyai arya ginogohan | dening wadya Matawis | kulawarganira | apan tumpês sadaya | mayite susun atindhih | suwe ngulatan | jisime tan kapanggih || |
| 054.094 | sakathahe kunarpa pan winalikan | ya ta nuli kapanggih | layone ki arya | pan sampun binandhosa | kocap santana Matawis | arêrêmbagan | sakèh para dipati || |
| 054.095 | Panêmbahan Purubaya angandika | mring sakèhing bupati | nêdha rêbut papan | asabrang[1] ing bangawan | amondhok wetaning [8: 13: we...taning] kali | ing palabuhan | arsa angantêp jurit || |
| 054.096 | adipati ing Pugêr asru lingira | lah kakang Prubayèki | de kang lêlampahan | taliti ing Mataram | amilih papaning jurit | têngahing rana | kaya dudu wong bêcik || |
| 054.097 | saya gêdhe atine prajurit wetan | kabèh para dipati | Mataram sadaya | rêmbag kadya mangkana | Panêmbahan ngandikaris | kang ingsun arah | sanggupira pribadi || |
329–330 dari 1.487
| 1 | anabrang. (kembali) |