Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
54 dari 234
330–331 dari 1.487
3.293–3.302 dari 14.865
| 054.098 | wus arêmbag sakèhe para dipatya | enjang amêpak baris | sigra atêngara | gêgaman wus atata | prajurite wus miranti | sampun anabrang | prapta wetaning kali || |
| 054.099 | wong bang wetan sampun atata gêgaman | sadaya aningali | gêgaman Mataram | yèn wus nabrang mangetan | anulya campuh kang jurit | têmpuh ing yuda | anglir rêbah kang wukir || |
| 054.100 | sakathahe para santana Mataram | miwah para prajurit | prasamya adandan | arsa angamuk samya | sarêng anunjang ing baris | para prawira | sampun nêngah ing jurit || |
| 054.101 | sing katrajang wong wetan akathah pêjah | mayit tumpang atindhih | lêbur wong bang wetan | dèn amuk wong Mataram | kadi ombaking jaladri | swaraning yuda | pangadhuhing akanin || |
| 054.102 | pangamuke lir banthèng atawan brana | lir yêksa non mangsèki | anumbak anigas | anuduk jênggit mêdhang | para santana Matawis | kagila-gila | prasamya wêdhak gêtih || |
| 054.103 | wong bang [8: 14] wetan prasamya tumpês sadaya | sakèh para dipati | arsa ngantêp yuda | nanging datan kawawa | prajurite sirna ênting | samya anglela | sakathahing bupati || |
| 054.104 | Arya Pulangjiwa prajurit ing Sampang | Ki Jalaga Jakarti | wong saking Madura | asuwita ing Japan | ing mangke sampun akait | lan Pulangjiwa | sami prakosèng jurit || |
| 054.105 | yèn katiban mimis sajêruk samaja | kadi dipun cêcêki | Arya Pulangjiwa | maksih amalang kadhak | anèng rana tan gumingsir | kinandhang-kandhang | dening wong magêrsari || |
| 054.106 | adipati ing Pajang ika tumingal | Pulangjiwa sêsirig | anulya tumêdhak | Dipati Tambakbaya | sanjatanira cinangking | mimis kancana | sigra amarêpêki || |
| 054.107 | dyan sinipat Pulangjiwa kabênêran | talapukane nginggil | molèr matanira | Pulangjiwa anjola | ginarayang matanèki | molèr adawa | asru dènira angling || |
330–331 dari 1.487