Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
57 dari 234
348–349 dari 1.487
3.473–3.482 dari 14.865
| 057.018 | gêgaman dalêm wus prapti | kang aran Ki Nayagarwa | kapêdhak têngên lurahe | kang kiwa Ki Garwakăndha | gêdhong têngên lurahnya | taruna tur ambêg purun | Tumênggung Mangunnagara || |
| 057.019 | kang kiwa Ki Surantani [8: 44] | wus pinarêk sri narendra | pra mantri aglar ngarsane | sigra akèn tangaraa | lah uwis bubarêna | Ki Tumênggung Singaranu | sigra anêmbang têngara || |
| 057.020 | sigra bubar sri bupati | anitih liman lêlawak | ginarêbêg ing wadyane | gêdhong kapêdhak sadaya | ing Taji sampun prapta | sang prabu angatag sampun | ngandika luhur ing liman || |
| 057.021 | payo bubar saking Taji | wong Sèwu anumbakanyar | Bumija bubar barise | lumampahana ing ngarsa | Ki Arya Jasupănta | Panumping rerehanipun | punika kang sampun bubar || |
| 057.022 | ing wuri ingkang nambungi | Ki Dipati Martalaya | wong Panumping sasisihe | nuli kang para santana | Pangeran Purubaya | lawan sarereyanipun | anulya lurah santana || |
| 057.023 | santana ingkang sasisih | pangeran ing Pringgalaya | punika kang wadanane | pan sampun bubar sadaya | sigra sri naranata | anitihi liman agung | gêgaman budhal sadaya || |
| 057.024 | tinon kadi gunung agni | gêgaman awarna-warna | asri tinon panêngrane | samarga dadi tontonan | lampahe sri narendra | datan kawarna ing ênu | wus praptèng nagara Pajang || |
| 057.025 | amondhok kilèn nagari | sri narendra siniwaka | dening mantri agung kabèh | kangjêng sultan angandika | lah kakang Martalaya | amundhuta kudhi pacul | dêdalan sira rataa || |
| 057.026 | lah sakèhe ingkang kali | iku padha urugana | dèn [8: 45: dè...n] babadana alase | pamrih ingsun wong bang wetan | aja kandhêg lumampah | têkaa ing ngarsaningsun | kang kinon tur sêmbah mentar || |
| 057.027 | Martalaya awotsari | anuhun atur kawula | rama jêngandika anggèr | ing Pajang mondhok bang wetan | Bêbêluk wastanira | pan sakèwêd[1] manahipun | kangjêng sultan angandika || |
348–349 dari 1.487
| 1 | pakèwêd. (kembali) |