Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
57 dari 234
349 dari 1.487
3.481–3.490 dari 14.865
057.026 lah sakèhe ingkang kali | iku padha urugana | dèn [8: 45: dè...n] babadana alase | pamrih ingsun wong bang wetan | aja kandhêg lumampah | têkaa ing ngarsaningsun | kang kinon tur sêmbah mentar ||
057.027 Martalaya awotsari | anuhun atur kawula | rama jêngandika anggèr | ing Pajang mondhok bang wetan | Bêbêluk wastanira | pan sakèwêd[1] manahipun | kangjêng sultan angandika ||
057.028 sira rêmbuga pribadi | kalawan para santana | sira priha sapatute | aja kongsi dadi ala | Pangeran Purubaya | asru dènira amuwus | apa karêpe wong Pajang ||
057.029 dene ta nora anunggil | nêdha sami kinongkonan | padha dèn tog sabudine | yèn bêcika yèn alaa | mupung mungsuh atêbah | yèn ala dawêg ginêpuk | aja makewuh ing lampah ||
057.030 Arya Wirapati angling | punapa mangke kawula | lumampah angucapake | lah iya sira miyanga | sira pituturana | asangêt pangeman ingsun | lamun paman ambalika ||
057.031 Martalaya angling aris | Saradipa lah milua | anuta ing salakune | Ki Wirapati ta sira | manawa nyata ala | iya ing sapatutipun | têka sira iringêna ||
057.032 Wirapati wus lumaris | lawan Kyai Saradipa | lawan ing sagêgamane | angrasuk kaprajuritan | kalih sami prayitna | tan asuwe nuli rawuh | pondhoke Pangeran Pajang ||
057.033 malêbêt sampun apanggih | alinggih ayun-ayunan | Wirapati pamuwuse | maring sang Pangeran Pajang [8: 46: Pa...jang] | lah nêdha pakênira | ngandika dhatêng sang prabu | lah mulane pakênira ||
057.034 abaris boya anunggil | lawan gêgaman Mataram | kaya ta apa karêpe | lah anêdha anunggala | ing wingi pakanira[2] | kangjêng sultan pan andangu | pakanira boya nana ||
057.035 kewuhan saurirèki | Pangran Pajang kacêthikan | kawênangan sabudine | angrasa yèn kabênêran | paranta karsaningwang | saure gragap garugup | mulane manira kesah ||
349 dari 1.487

 


pakèwêd. (kembali)
pakênira (dan di têmpat lain). (kembali)