Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
57–58 dari 234
350 dari 1.487
3.491–3.500 dari 14.865
057.036 abaris wontên ing ngriki | anjaga mungsuh kang wetan | Wirapati sru wuwuse | sarwi abang kang wadana | aja kakehan basa | wêkasan ala tinêmu | măngsa sun jriha ing sira ||
057.037 Dipati Pajang lingnyaris | lah kakang wontên punapa | nêdha manira andhèrèk | pan manira boya nêdya | amungsuh kangjêng sultan | pan gêntine rama prabu | sigra adipati bubar ||
057.038 kèrid dening Wirapati | kalawan Ki Saradipa | sigra prapta tan asuwe | wus awor baris Mataram | sinupit anèng têngah | kalawan gêgaman agung | milane tan kêna obah ||
057.039 nulya lumaju kang baris | atata ingkang gêgaman | anèng Siwalan prênahe | gêgaman sampun atata | tan liru prênahira | ênêngakêna karuhun | kocapên baris bang wetan ||
057.040 sampun prapta ingkang baris | anèng salèr[1] ing Siwalan | sampun tinata barise | pangeran ana ing kiwa | lawan para dipatya | bang wetan samya nèng ngriku [8: 47] | anênggih Dipati Tuban ||
057.041 pangawat kiwa dèn goni | lawan baris ing Madura | ing Lamongan Garêsike | Sidayu kang anèng kanan | sampun prapta sadaya | Dipati Surabayèku | barise ana ing têngah ||
057.042 sampun prasamya bêbiting | wong agung wetan sadaya | wus pirang dina lamine | dèrèng acampuh kang yuda | mapan sampun alama | inganti dening sang prabu | sinambêr ing dhandhanggula ||
58. Dhandhanggula
058.001 kawarnaa sultan ing Matawis | siniwaka anèng pasanggrahan | pêpak sawadyabalane | angandika sang prabu | mring sakèhe para bupati | kayapa karsanira | wong wetan puniku | alawas norana mêdal | gêgamane angêkêb anèng jro biting | paran ing karsanira ||
058.002 Martalaya aturira aris | patikbra matur paduka nata | yèn suwawi padukanggèr | bitingipun ginêmpur | sampun lami paduka anti | pan datanpa wêkasan | tan anêdya mêtu | lêhêng anuntên rinangsang | yèn sampeyan datan mêdali ajurit | inguntap dening mêngsah ||
058.003 Panêmbahan Purubaya angling | manira boya rêmbug mangkana | yèn angrangsanga bitinge | wong wetan kang anglurug | pakanira kang anadhahi | lamun tan purun mêdal | iku karêp ingsun | sun ênês-ênês kewala | kinêpêtan sêsabane ngambil bukti | sakèh wong nitih kuda ||
350 dari 1.487

 


salèring. (kembali)