Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
57–58 dari 234
350–351 dari 1.487
3.497–3.506 dari 14.865
| 057.042 | sampun prasamya bêbiting | wong agung wetan sadaya | wus pirang dina lamine | dèrèng acampuh kang yuda | mapan sampun alama | inganti dening sang prabu | sinambêr ing dhandhanggula || |
| 58. Dhandhanggula | |
| 058.001 | kawarnaa sultan ing Matawis | siniwaka anèng pasanggrahan | pêpak sawadyabalane | angandika sang prabu | mring sakèhe para bupati | kayapa karsanira | wong wetan puniku | alawas norana mêdal | gêgamane angêkêb anèng jro biting | paran ing karsanira || |
| 058.002 | Martalaya aturira aris | patikbra matur paduka nata | yèn suwawi padukanggèr | bitingipun ginêmpur | sampun lami paduka anti | pan datanpa wêkasan | tan anêdya mêtu | lêhêng anuntên rinangsang | yèn sampeyan datan mêdali ajurit | inguntap dening mêngsah || |
| 058.003 | Panêmbahan Purubaya angling | manira boya rêmbug mangkana | yèn angrangsanga bitinge | wong wetan kang anglurug | pakanira kang anadhahi | lamun tan purun mêdal | iku karêp ingsun | sun ênês-ênês kewala | kinêpêtan sêsabane ngambil bukti | sakèh wong nitih kuda || |
| 058.004 | sabên dina ngidêrana biting | dêdimène wong wetan nêpsua | amêtonana jurite [8: 48] | yèn sintên wani mêtu | yêkti kuru akathah mati | suka sri naranata | iku ingsun pêthuk | pakênira lampahana | sabên dina konên ayêng wong Matawis | ngidêri pasanggrahan || |
| 058.005 | sakathahe prajurit Matawis | sami mêdal kang wahana kuda | sarta lan sagêgamane | mêngsah kang sami mêtu | arêramu dipun pêjahi | sabên dina mangkana | nora kêna mêtu | yèn mêtu mangalèr ika | pan wong Pathi iya ingkang anjagani | wong wetan dipun bahak || |
| 058.006 | sangsaya-saya ngalami-lami | wong wetan padha akurang mangan | wong sikêp kathah kalonge | amung dhaon rinêbut | têmu kunci ingkang binukti | bonggol gêdhang pinangan | pondhoh arèn umbut | wong cili kathah kalaran | swaranira yèn dalu pating gulirih | pan sami angrêsula || |
| 058.007 | padha batur maling dèn malingi | cêlêr-cinêlêr singa tunggala | saking tan bêtah angêlèh | ana mêmaling sêkul | maling bêras maling têrasi | wênèh ngrêbat liwêtan | konangan sinuduk | sawênèh mêmaling jaran | sinambêlèh mring wana dipun thèthèli | binakar mêmêntahan || |
| 058.008 | pan wong wetan linud ing gêgêring | rumab mising panastis akathah | sawênèh alara mèncrèt | yèn dalu ting karêkuh | adhuh-adhuh ana anangis | kang ngrêrintih sauran | sinauran ngadhuh | kang rada olèh mapangat | andêdonga amuji marang Hyang Widi | wênèh misuhi lara || |
| 058.009 | wong bang wetan angênês asêdhih | bupatine pan ora [8: 49: o...ra] arêmbag | ari yon[1] iku budine | wong kathah watêkipun | ya ta sira Dipati Tubin | sigra amêpak bala | karsane angamuk | arêmbag lan mantrinira | kaya ngapa rowang kănca tan mêtoni | mêngko bala wus rusak || |
350–351 dari 1.487
| 1 | yèn. (kembali) |