Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
57 dari 234
347–348 dari 1.487
3.464–3.473 dari 14.865
057.009 sang nata ngandika malih | Singaranu têngaraa | sun arsa tumindak dhewe | amapag mungsuh bang wetan | padha sira dandana | Martalaya nêmbah matur | kawula miyarsa warta ||
057.010 Dipati Pajang anênggih | kait lan Dipati Tuban | wong wetan mila dhatênge | dening Adipati Pajang | sanggup ngamuk ing wuntat | sang nata datan mituhu | măngsa si yèn mangkanaa ||
057.011 lah wis têngaraa aglis | sigra têngara tinêmbang | wong Mataram obah kabèh | samya adandan gêgaman | sang nata sigra jêngkar [8: 43] | malêbêt maring kadhatun | sri narendra asiyaga ||
057.012 pan enjing amêpak baris | wadyabala ing Mataram | umyung gumêrah swarane | ngalun-alun bêbarisan | Dipati Martalaya | Jasupănta sisihipun | ing alun-alun agêlar ||
057.013 sakancane sampun prapti | wong Sèwu anumbakanyar | prapta kabèh gêgamane | Bumija wus sami prapta | mantrinira aseba | myang santana sami rawuh | lawan sagêgamanira ||
057.014 Pangeran Purbaya prapti | lan Arya Wiramênggala | lan Dipati Juminahe | Adipati Pringgalaya | prapta sawadyanira | Têpasana sampun rawuh | Tanpanangkil sampun prapta ||
057.015 Dipati Amangkubumi | lawan Prawirataruna | myang Adipati Pugêre | lan Pangeran Martasana | lan Pangeran Balitar | santana wus pêpak wau | rajèng Mataram siyaga ||
057.016 ngrasuk kapraboning jurit | asri anganggya makutha | kawaca bludru cêmênge | murub rinenda kancana | myang nayakanya mubyar | sigra miyos sang aprabu | ginarêbêg ing biyada ||
057.017 sêmana baris Mataram |[1] wus miyos jawining kitha | jawining Taji pan andhèr | lir sagara rob balabar | gêgaman ing Mataram | ing wau sira sang prabu | wus miyos saking kadhatyan ||
057.018 gêgaman dalêm wus prapti | kang aran Ki Nayagarwa | kapêdhak têngên lurahe | kang kiwa Ki Garwakăndha | gêdhong têngên lurahnya | taruna tur ambêg purun | Tumênggung Mangunnagara ||
347–348 dari 1.487

 


Biasanya guru lagu i: Matawis. (kembali)