Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
58–59 dari 234
353 dari 1.487
3.521–3.530 dari 14.865
| 058.024 | kangjêng sultan akèn amurugi | dêdimone barise wong wetan | kongsia têka marene | samya ngurugan sampun | ingkang anèng wetan abaris | Dipati Martalaya | lan sakancanipun | lawan Arya Jasupănta | sabature pan dadi pangawat kering | mangsah Dipati Japan || |
| 058.025 | pra santana têngên dèn ênggoni | yun-ayunan lawan wong Madura | Surabaya lan sang natèng | wong Tuban kang winuwus | sampun mêdal gêgamanèki | liman wus pinalanan | ana sêliripun | awasta Ni Agraita | Andrawela wastane ingkang sasisih | kinèn anunggang liman || |
| 058.026 | gêgamane dipati ing Tubin | pan agêgêr nèng wuri kewala | nora kapenak atine | anitih kudanipun | pun Matari ulêse putih | pan sarwi akèn dandan | sakèhing pêpikul | padha sira andhèdhèra | bok-êmboke wong wetan angapirani | sadayane dandana || |
| 058.027 | kang kocapa ingkang nata baris | Adipati Japan angandika | ingsun iki wite gawe | arsa mungsuh sang prabu | ing Mataram ingsun ayoni | angadua karosan | kuwating bêbalung | angadu pucuking braja | yèn kaparêng manira karsaning Widi | kalingan ing pangkalan || |
| 058.028 | yèn tunjangna [8: 53: tu...njangna] jêjêblogan iki | pan ajêro jêblogane ika | baya tan urung pasthine | anging ta nora ketung | ênggon ingsun arêp ngayoni | narpati ing Mataram | sigra dènnya muwus | atakèn ing wadyanira | ika sapa ingkang baris kidul iki | wadyanira dan mojar || |
| 058.029 | pan punika nênggih Ki Dipati | Martalaya ingkang payung pêthak | anitihi gêgamane | dening kang kilènipun | gih punika kang darbe baris | Ki Arya Jasupănta | nênggih ajalipun | saking Kadhiri mulanya | sadhèrèke kariyin Ki Senapati | jajar Ki Saradipa || |
| 058.030 | pan kêkalih punika prajurit | dados andêl-andêl ing Mataram | Dipati Japan wuwuse | ingsun têmpuh karuhun | apan iku sami prajurit | kaya nora kèsêman | amungsuh wong iku | nulya anêmbang têngara | wadya Japan lumaju kalangkung wani | datan sêdya mundura || |
| 59. Durma | |
| 059.001 | sampun mangsah Dipati Japan ayuda | prajurite rumiyin | mapan sêdyanira | yèn tan lanang kang yuda | aja kongsi mulih urip | sawadyanira | sanggupe tan gumingsir || |
| 059.002 | gêgamane sira Dêmang Jasupănta | angayunakên kawis | wontên wong sadasa | ciptanira ki arya | yèn wong wetan anêmêni | ingsun lan sira | angrasa lamun kontit || |
| 059.003 | Jasupănta angatag ing wadyanira | obarên omah iki | dimène aura | gêgamane wong wetan | yèn mêksih gêmbêl kang baris | awrat sinăngga [8: 54: sinăng...ga] | dening sira kang jurit || |
353 dari 1.487