Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
58–59 dari 234
353–354 dari 1.487
3.523–3.532 dari 14.865
058.026 gêgamane dipati ing Tubin | pan agêgêr nèng wuri kewala | nora kapenak atine | anitih kudanipun | pun Matari ulêse putih | pan sarwi akèn dandan | sakèhing pêpikul | padha sira andhèdhèra | bok-êmboke wong wetan angapirani | sadayane dandana ||
058.027 kang kocapa ingkang nata baris | Adipati Japan angandika | ingsun iki wite gawe | arsa mungsuh sang prabu | ing Mataram ingsun ayoni | angadua karosan | kuwating bêbalung | angadu pucuking braja | yèn kaparêng manira karsaning Widi | kalingan ing pangkalan ||
058.028 yèn tunjangna [8: 53: tu...njangna] jêjêblogan iki | pan ajêro jêblogane ika | baya tan urung pasthine | anging ta nora ketung | ênggon ingsun arêp ngayoni | narpati ing Mataram | sigra dènnya muwus | atakèn ing wadyanira | ika sapa ingkang baris kidul iki | wadyanira dan mojar ||
058.029 pan punika nênggih Ki Dipati | Martalaya ingkang payung pêthak | anitihi gêgamane | dening kang kilènipun | gih punika kang darbe baris | Ki Arya Jasupănta | nênggih ajalipun | saking Kadhiri mulanya | sadhèrèke kariyin Ki Senapati | jajar Ki Saradipa ||
058.030 pan kêkalih punika prajurit | dados andêl-andêl ing Mataram | Dipati Japan wuwuse | ingsun têmpuh karuhun | apan iku sami prajurit | kaya nora kèsêman | amungsuh wong iku | nulya anêmbang têngara | wadya Japan lumaju kalangkung wani | datan sêdya mundura ||
59. Durma
059.001 sampun mangsah Dipati Japan ayuda | prajurite rumiyin | mapan sêdyanira | yèn tan lanang kang yuda | aja kongsi mulih urip | sawadyanira | sanggupe tan gumingsir ||
059.002 gêgamane sira Dêmang Jasupănta | angayunakên kawis | wontên wong sadasa | ciptanira ki arya | yèn wong wetan anêmêni | ingsun lan sira | angrasa lamun kontit ||
059.003 Jasupănta angatag ing wadyanira | obarên omah iki | dimène aura | gêgamane wong wetan | yèn mêksih gêmbêl kang baris | awrat sinăngga [8: 54: sinăng...ga] | dening sira kang jurit ||
059.004 dan binêsmi dahana anulya mubal | kabêkta dening angin | angalor sadaya | kukuse kang dahana | gêgaman etan angisis | dadya aura | wong Mataram nindaki ||
059.005 Adipati Martalaya anarajang | têngah rana kapering | Arya Jasupănta | narajang saking kiwa | wong wetan datan udani | mêrêm kewala | katampêkan ing gêni ||
353–354 dari 1.487