Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
58–59 dari 234
353–354 dari 1.487
3.526–3.535 dari 14.865
| 058.029 | pan punika nênggih Ki Dipati | Martalaya ingkang payung pêthak | anitihi gêgamane | dening kang kilènipun | gih punika kang darbe baris | Ki Arya Jasupănta | nênggih ajalipun | saking Kadhiri mulanya | sadhèrèke kariyin Ki Senapati | jajar Ki Saradipa || |
| 058.030 | pan kêkalih punika prajurit | dados andêl-andêl ing Mataram | Dipati Japan wuwuse | ingsun têmpuh karuhun | apan iku sami prajurit | kaya nora kèsêman | amungsuh wong iku | nulya anêmbang têngara | wadya Japan lumaju kalangkung wani | datan sêdya mundura || |
| 59. Durma | |
| 059.001 | sampun mangsah Dipati Japan ayuda | prajurite rumiyin | mapan sêdyanira | yèn tan lanang kang yuda | aja kongsi mulih urip | sawadyanira | sanggupe tan gumingsir || |
| 059.002 | gêgamane sira Dêmang Jasupănta | angayunakên kawis | wontên wong sadasa | ciptanira ki arya | yèn wong wetan anêmêni | ingsun lan sira | angrasa lamun kontit || |
| 059.003 | Jasupănta angatag ing wadyanira | obarên omah iki | dimène aura | gêgamane wong wetan | yèn mêksih gêmbêl kang baris | awrat sinăngga [8: 54: sinăng...ga] | dening sira kang jurit || |
| 059.004 | dan binêsmi dahana anulya mubal | kabêkta dening angin | angalor sadaya | kukuse kang dahana | gêgaman etan angisis | dadya aura | wong Mataram nindaki || |
| 059.005 | Adipati Martalaya anarajang | têngah rana kapering | Arya Jasupănta | narajang saking kiwa | wong wetan datan udani | mêrêm kewala | katampêkan ing gêni || |
| 059.006 | wong bang wetan tinarajang rinampogan | samya kagum kang jurit | angawur kewala | pangamuke wong wetan | nanging datan angudhili | sampun kapapan | wong wetan akèh mati || |
| 059.007 | adipati ing Japan mulat ing wadya | pêrange wus kalindhih | sigra nyandhak tumbak | kudane wus kinêtab | anandêr têngahing jurit | sarwi sêsumbar | lah kêmbulana mami || |
| 059.008 | iya iki rupane Dipati Japan | têdhak Madiun mami | kang aran Mas Lonthang | lah mara kêmbulana | sampun anêngahi jurit | singa katrajang | bubar akathah kanin || |
353–354 dari 1.487