Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
58 dari 234
352–353 dari 1.487
3.517–3.526 dari 14.865
058.020 dènnya buru kasaput ing wêngi | wong Mataram mundur abêbandhang | sampun prapta ing pondhoke | wong Tuban kang kawuwus | dènnya mundur datan atêbih | atata pamondhokan | kocapa wong agung | pangrasane yudanira | wong ing Tuban wus nora wani apêthil | pan dadi pagujêngan ||
058.021 adipati sira nulya angling | ingsun nyana wong Tuban enjuha | dening alangguk sanggupe | iku wong pêksa luhung | kumawawa apêksa wani | angarèkkên wong kathah | tan angangge rêmbug | karêpe ayun mêmirang | awasana kaburu kawalik-walik | dalah sing jongor sapa ||
058.022 mung atine adrêngki lan drohi | kang dèn olahi kuwus pantêsnya | wong nora nana gunane | prasamya ginaguyu | Adipati Surabayangling | lah nêdha wong bang wetan | nêdha mêdal besuk | samya amêtoni yuda | mupung ana wong cili rêkate dhidhik | nêdha angangkat yuda ||
058.023 wusnya rêmbag sakèhing bupati | sampun dalu pan sampun anendra | wong [8: 52] cili akèh jajale | gègèr ping pat sadalu | pan sawêngi tan ana guling | sarêng bangun raina | atêngara umyung | prajurit samya adandan | sampun padhang wus mêdal anata baris | nênggih Dipati Japan ||
058.024 kangjêng sultan akèn amurugi | dêdimone barise wong wetan | kongsia têka marene | samya ngurugan sampun | ingkang anèng wetan abaris | Dipati Martalaya | lan sakancanipun | lawan Arya Jasupănta | sabature pan dadi pangawat kering | mangsah Dipati Japan ||
058.025 pra santana têngên dèn ênggoni | yun-ayunan lawan wong Madura | Surabaya lan sang natèng | wong Tuban kang winuwus | sampun mêdal gêgamanèki | liman wus pinalanan | ana sêliripun | awasta Ni Agraita | Andrawela wastane ingkang sasisih | kinèn anunggang liman ||
058.026 gêgamane dipati ing Tubin | pan agêgêr nèng wuri kewala | nora kapenak atine | anitih kudanipun | pun Matari ulêse putih | pan sarwi akèn dandan | sakèhing pêpikul | padha sira andhèdhèra | bok-êmboke wong wetan angapirani | sadayane dandana ||
058.027 kang kocapa ingkang nata baris | Adipati Japan angandika | ingsun iki wite gawe | arsa mungsuh sang prabu | ing Mataram ingsun ayoni | angadua karosan | kuwating bêbalung | angadu pucuking braja | yèn kaparêng manira karsaning Widi | kalingan ing pangkalan ||
058.028 yèn tunjangna [8: 53: tu...njangna] jêjêblogan iki | pan ajêro jêblogane ika | baya tan urung pasthine | anging ta nora ketung | ênggon ingsun arêp ngayoni | narpati ing Mataram | sigra dènnya muwus | atakèn ing wadyanira | ika sapa ingkang baris kidul iki | wadyanira dan mojar ||
058.029 pan punika nênggih Ki Dipati | Martalaya ingkang payung pêthak | anitihi gêgamane | dening kang kilènipun | gih punika kang darbe baris | Ki Arya Jasupănta | nênggih ajalipun | saking Kadhiri mulanya | sadhèrèke kariyin Ki Senapati | jajar Ki Saradipa ||
352–353 dari 1.487