Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
59 dari 234
355–356 dari 1.487
3.545–3.554 dari 14.865
059.018 wong Mataram malêtêr Dipati Tuban | saparane katawis | nitih kuda pêthak | panganggya obra muncar | marmanya dipun balêdig | amèh kacandhak | kudane dèn udhuni ||
059.019 Adipati Tuban nusup galagahan | sinambêr ing tik [8: 56: ti...k] iyik | anjola aniba | nyana sinambêr gêlap | lahadèn bolik kibaring | wêdi ngong dahat | sadalan pan kacerit ||
059.020 kapalira kacandhak de wong Mataram | anulya dèn tunggangi | suka ingkang angsal | malangkrik sênggak-sênggak | gajahe wus dèn tunggangi | pitêkurmana | langkung suka prajurit ||
059.021 sampun katur sadaya ingkang bandhangan | dhatêng Sultan Matawis | sarta sêlirira | Dipati Martalaya | lawan Jasupănta aglis | marêk sang nata | angaturakên jisim ||
059.022 Adipati Japan jisime binakta | wus katur ing narpati | sultan angandika | lah êndi parènèkna | ki besan Japan kang jisim | pan sampun prapta | ngarsaning sri bupati ||
059.023 adêgêna jisime ki besan Japan | iki silih prajurit | mapan wong bang wetan | mung iki dhewe lanang | mung ki besan wong prajurit | lah wong Mataram | bêktanên jisim iki ||
059.024 lah pêtakên ing Butuh tunggal lan sultan | Pajang payo dèn aglis | iku si prawira | tan gingsir ing samaya | saujare dèn kurêpi | layak tinêpa | dening kang kari-kari ||
059.025 sri narendra sigra akèn atêngara | ingsun akèn tumuli | mulih mring Mataram | anulya tinêngaran | sadaya kang punang baris | bubar atata | saprênah-prênahnèki ||
52. Nagari Lasêm tuwin Pasuruan dipun bêdhah dening wadyabala Mataram
059.026 tan kawarna ing marga pan sampun prapta | ing jro kitha Matawis [8: 57: Ma...tawis] | sampun anggêganjar | tan kawarna laminya | watara satêngah sasi | sri naranata | sineba dening mantri ||
059.027 angandika sang nata mring Martalaya | lah Jasupănta iki | sira lumakua | sakèhing wong nagara | sabaturira Panumping | sira gawaa | sarta gêgaman jurit ||
355–356 dari 1.487