Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
59–60 dari 234
356–357 dari 1.487
3.554–3.563 dari 14.865
| 059.027 | angandika sang nata mring Martalaya | lah Jasupănta iki | sira lumakua | sakèhing wong nagara | sabaturira Panumping | sira gawaa | sarta gêgaman jurit || |
| 059.028 | lan si adhi Santênan sira gawaa | lan bala sanagari | sigra Martalaya | matur saha wotsêkar | wong Panumping mêpak baris | anulya bubar | tan kawarna ing margi || |
| 059.029 | sampun prapta ing Pathi sira dipatya | Martalaya nimbali | wong Pathi dandana | dipatine wus mêdal | anulya sira lumaris | tan kawarnaa | ing marga sampun prapti || |
| 059.030 | sampun prapta ing Lasêm amasanggrahan | dening Dipati Pathi | kidul kilèn kitha | gènnya amasanggrahan | dening wadya ing Matawis | kidul ing kitha | samya atêpung baris || |
| 059.031 | pan nagara ing Lasêm sampun kinêpang | wong Lasêm sampun tintrim | angrasa yèn kalah | tan purun mêtonana | nulya kasaput ing wêngi | rêrêp sadaya | wong Lasêm padha ajrih || |
| 059.032 | pan wong cili akathah mêdal sêmana | angungsi ing wong Pathi | swaranira umyang | wong Mataram uninga | yèn jro kitha gègèr ngili | panyananira | binêdhah ing wong Pathi || |
| 059.033 | wong Mataram pan sampun rêmbag sadaya | arsa agrangsang biting | anulya lumampah | jro kitha linêbonan | bupati lawan kang dasih | datan sawala | gêgaman [8: 58: gêga...man] dèn bongkoki || |
| 059.034 | pan wong Lasêm dinum lir pendah ranjapan | pinaro lan wong Pathi | anulya binêkta | mulih marang Mataram | boyongan jarahan ênting | datan kawarna | ing marga sampun prapti || |
| 059.035 | ing Mataram pan sami seba sadaya | sri narendra wus mijil | pêpak wadyabala | Dipati Martalaya | wus marêk dhatêng narpati | Ki Jasupănta | lumampah brăngta kingkin || |
| 60. Asmaradana | |
| 060.001 | wus prapta ngarsa sang aji | Jasupănta lan dipatya | Santênan lan sabalane | ngaturakên bêboyongan | sampun katur sadaya | dhumatêng jêng sang aprabu | sang nata kalangkung suka || |
356–357 dari 1.487