Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
59 dari 234
354–355 dari 1.487
3.533–3.542 dari 14.865
| 059.006 | wong bang wetan tinarajang rinampogan | samya kagum kang jurit | angawur kewala | pangamuke wong wetan | nanging datan angudhili | sampun kapapan | wong wetan akèh mati || |
| 059.007 | adipati ing Japan mulat ing wadya | pêrange wus kalindhih | sigra nyandhak tumbak | kudane wus kinêtab | anandêr têngahing jurit | sarwi sêsumbar | lah kêmbulana mami || |
| 059.008 | iya iki rupane Dipati Japan | têdhak Madiun mami | kang aran Mas Lonthang | lah mara kêmbulana | sampun anêngahi jurit | singa katrajang | bubar akathah kanin || |
| 059.009 | Adipati Martalaya sigra ngatag | mring kancanira mantri | pan bubuhanira | lah payo kinathahan | sigra sakèh para mantri | sarêng tumandang | dipati dèn byuk wani || |
| 059.010 | tandangira dipati lir singa kurda | kinarutug ing mimis | sinosog ing watang | nanging datan tumama | anulya dipun bandhêmi | binrangkolangan | ginitik popor bêdhil || |
| 059.011 | kadi pira kuwate tiyang satunggal | tan ana kang nulungi | dipati ing Japan | aniba saking kuda | kinaroyok [8: 55: kinaro...yok] lawan bêdhil | sampun palastra | wong wetan aningali || |
| 059.012 | Ki Tumênggung Kapulungan pan uninga | Dipati Japan mati | gumêtêr dhrodhogan | tan goroh ujar ingwang | dhingin atingong wus titir | prandene iya | wong kêndêl-kêndêl mati || |
| 059.013 | alah payo batur mundur dèn agancang | sapa ngalêm yèn mati | angur lumayua | sapa yitna yuwana | sigra anandêr tan aris | Ki Kapulungan | kulambine winalik || |
| 059.014 | wong Mataram nulya amburu sadaya | wong wetan dèn tumbaki | sing kacandhak pêjah | Dipati Surabaya | gêgamane wus angisis | sigra lumajar | datan atolih buri || |
| 059.015 | Dipati Tuban wruh bature lumajar | sampun dharodhog dhingin | awake dipatya | nulya atilar liman | sigra angêtab turanggi | anandêr kêbat | sêlire tan tinolih || |
354–355 dari 1.487