Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
61 dari 234
365–366 dari 1.487
3.647–3.656 dari 14.865
061.018 sampun prapta ing pasowan aglis | dipati lingnyalon | kapalira [8: 70: kapa...lira] pinundhut ing mangke | dene kangjêng sultan ing Matawis | aturêna bêcik | iku karsaningsun ||
061.019 Tambakbaya rêngu ulatnèki | ature tan alon | yèn pun Domba pinundhut sang natèng | lêhêng rabi kawula kariyin | pinundhut ing gusti | sumăngga ing atur ||
061.020 Tambakbaya sigra mundur aglis | nitih kuda cemplo | dèn pêpanas utusan atine | kudanira sigra dèn camêthi | pun Domba anirig | sarwi nyandhak lawung ||
061.021 dènnya têtêgar sira maripit | wuwuse tan alon | dening eman Si Domba lungane | lamun ingsun iya maksih urip | sun rewangi mati | tan awèh pinundhut ||
061.022 Tambakbaya kulite jiniwir | wuwuse tan alon | kulit ingsun iki maksih kangge | kalih sasi yèn karyanên jurit | amungsuh Matawis | pantês ingsun purun ||
061.023 sarya tingkah watange kumitir | sêrêgnya kaprabon | kang utusan dèn pêpanastine | dèn têlasakên solah ing ragi | utusan ningali | dan apamit mantuk ||
061.024 lampahira sêsandêran aglis | wus praptèng kadhaton | sigra marêk ing sultan sirage | atur sêmbah ri kang duta kalih | sarêng awotsari | kawula umatur ||
061.025 tuwan utus mring Pajang nagari | mundhut kapalnya wong | Tambakbaya pun Domba wastane | botên suka kapundhut narpati | amêmanas ati | ing sasolahipun ||
061.026 pan wong Pajang tuhu [8: 71] yèn ambalik | piangkahe awon | dèn tèkêna wong Mataram mrene | măngsa ingsun ajriha prang jurit | ya ta sri bupati | lintang dukanipun ||
061.027 sigra mijil sang nata tinangkil | pêpak wadya katong | langkung duka sang nata wijile | jajanyabrit yayah mêtu agni | wadana lir rawi | lathinya kumêdut ||
365–366 dari 1.487