Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
61 dari 234
364–365 dari 1.487
3.637–3.646 dari 14.865
| 061.008 | lah matura si kakang ing benjing | yèn antuk margèngong | datan wurung sun balik ing rajèng | poma si kakang aja nyidrani | utusan sigramit | anêmbah wus mantuk || |
| 061.009 | sampun prapta ing ngarsaning gusti | aturira alon | rayi paduka ngantos margine | sampun pasthi yèn benjing ambalik | utusan wotsari | wau kang winuwus || |
| 061.010 | kang kocapa sri bupati mijil | sineba dening [8: 69: de...ning] wong | sri narendra aris andikane | ingsun angrungu ing Pajang nguni | ana jaran bêcik | Si Domba ranipun || |
| 061.011 | lah wong gandhèk lumakua aglis | sira ingsun kongkon | maring Pajang pundhutên jarane | Tambakbaya Si Domba ranèki | kang kinon wotsari | aglis lampahipun || |
| 061.012 | tan kawarna ing marga wus prapti | ing Pajang kadhaton | Dipati Pajang sineba mangke | nanging Tambakbaya dèrèng nangkil | putusan wotsari | alon aturipun || |
| 061.013 | sampeyan tampi timbalan aglis | andika sang katong | kinèn mundhut manira jarane | pun Tambakbaya manira iki | adipati angling | dudu jaran ingsun || |
| 061.014 | lah mêngko sun undange mariki | dipati gya akon | angundanga mring Tambakbayane | lan kudane gawanên dèn aglis | utusan wus prapti | Tambakbaya matur || |
| 061.015 | jêngandika ngandikan tumuli | dening jêng sang katong | kapal dika kabêktaa mangke | kinarsakkên sang natèng Matawis | Tambakbaya angling | rêngu ulatipun || |
| 061.016 | abah-abahana dèn agêlis | iya jaran ingong | abah-abah pawatangan bae | apan sampun dipun kêkapani | tinurunkên aglis | Tambakbaya mêtu || |
| 061.017 | wus anitih kuda sarya angling | eman jaran ingong | singa wong kang nunggangana kiye | manawa ta besuk ingsun mati | singa anduwèni | iya kapal ingsun || |
364–365 dari 1.487