Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
62 dari 234
368–369 dari 1.487
3.678–3.687 dari 14.865
062.017 Dipati Pajang nulungi | nanging kêkathahên lawan | Tambakbaya pangamuke | dèn byuk dening wong Mataram | kalangkung karepotan | Ki Tambakbaya lumayu | tur sarwi angundhat-undhat ||
062.018 Ki Mandura dèn pisuhi | dening cidra ing ubaya | wong Pajang angucap kabèh | ala têmên Ki Mandura | cidra ing jangjinira | wong Mataram samya ngrungu | ginaritakên ing manah ||
062.019 Ki Mandura witning kardi | sakathahe wong Mataram | sami anitèni kabèh | Dipati Pajang lumajar | lan Arya Tambakbaya | angampiri garwanipun | wus binoncèngakên kuda ||
062.020 pan dipun balêdig wani | wong Pajang asêsandêran | andarwili sêsambate | lah bojo dèn kukuh sira | manawa sira tiba | binandhang dening ing mungsuh | Ki Tambakbaya wus tiba ||
062.021 rabine dipun cêkêli | tumulya atilar bala | sarwi angucap rabine | jaran iki kawisuna | yèn ora sun tilara | tinurut saparan ingsun | mari-mari yèn kacandhak ||
062.022 sampun prapta ing Sêmanggi | sigra numpak ing baita | wong têtiga sampun amot | Ki Dipati Jagaraga | lan Arya Tambakbaya | Dipati Pajang nèng ngayun | lampahe adhêdhayungan ||
062.023 wong Mataram anyêkêli | jaran kang aran Ki Domba | kapal kêna katigane [8: 75: ka...tigane] | kang darbe wus kapalajar | wong Pajang jinarahan | kêbo sapi donyanipun | binakta maring Mataram ||
062.024 wus tinanahakên sami | parane Dipati Pajang | ing Surabaya jujuge | wong Mataram sampun bubar | datan kawarnèng marga | prapta ing Mataram sampun | kangjêng sultan siniwaka ||
062.025 wus katur sadaya sami | kapal kang aran Si Domba | sarta lawan boyongane | pan sampun katur sadaya | suka sri naranata | Dipati Pajang dinangu | ngêndi kang dèn ungsi iya ||
062.026 kang tinanya atur bêkti | inggih dhatêng Surapringga | katiga pisan jujuge | sri narendra angandika | lah kakang Martalaya | sira sun utus anglurug | lan Si Arya Jasupănta ||
368–369 dari 1.487