Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
62 dari 234
369–370 dari 1.487
3.689–3.698 dari 14.865
| 54. Nagari Tuban kabêdhah dening wadyabala Mataram | |
| 062.028 | sigra jêngkar sri bupati | malêbêt ing dhatulaya | datan winarna lamine | wong Mataram wus siyaga | dipati ing Santênan | wus angadêg barisipun | anganthi wadya Mataram || |
| 062.029 | sang nata miyos tinangkil | pêpak wadyabalanira | samêkta lan gêgamane | Adipati Martalaya | lan Arya Jasupănta | wus winêling de sang prabu | Martalaya awotsêkar [8: 76: awo...tsêkar] || |
| 062.030 | angandika sri bupati | lah uwis sira bubara | dèn prayitna ing yudane | para mantri samya nêmbah | wus bubar sing ajêngan | wadya untape kumutug | gêgaman sampun lumampah || |
| 062.031 | datan kawarna ing margi | sigêgên ing lampahira | ingkang winangsulan malèh | praptane Dipati Pajang | lawan Ki Tambakbaya | wau ta ingkang tinutur | praptane ing Surabaya || |
| 062.032 | dipati ing Surabanggi | sêmana arsa tumandang | saking asangêt marmane | dipati ing Surabaya | mring Arya Tambakbaya | apan sinisalin sampun | dipati ing Tambakbaya || |
| 062.033 | saksana umatur aris | wau Arya Tambakbaya | mring natèng Surabayane | kawula matur ing tuwan | sampun tuwan atandang | bilih tan năngga pukulun | ing yudane wong Mataram || |
| 062.034 | inggih prayayi Matawis | tan wontên braja tumama | dening kaliwat têguhe | pangeran ing Purubaya | wontên malih digdaya | Dipati Balitar iku | lan Dipati Upasănta || |
| 062.035 | lawan wontên malih sêkti | Dipati Mandurarêja | lawan wontên lêwih malèh | dipati ing Pringgalaya | wontên malih punika | Pangeran Pugêr puniku | kabèh sami digdayanya || |
| 062.036 | dipati ing Surabanggi | kalangkung duka ing nala | nanging tan kawêdal linge | bêdhile agêm punika | nulya pinundhut enggal | ya ta ingisenan sampun | sarta mimise kancana || |
| 062.037 | sinambut kang punang bêdhil | dipati ing [8: 77] Tambakbaya | sinipat kêna jajane | dipati ing Surabaya | duka awor sihira | dening mimis kang dhumawuh | i[1] jajane Tambakbaya || |
369–370 dari 1.487
| 1 | ing. (kembali) |