Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
62 dari 234
369–370 dari 1.487
3.683–3.692 dari 14.865
062.022 sampun prapta ing Sêmanggi | sigra numpak ing baita | wong têtiga sampun amot | Ki Dipati Jagaraga | lan Arya Tambakbaya | Dipati Pajang nèng ngayun | lampahe adhêdhayungan ||
062.023 wong Mataram anyêkêli | jaran kang aran Ki Domba | kapal kêna katigane [8: 75: ka...tigane] | kang darbe wus kapalajar | wong Pajang jinarahan | kêbo sapi donyanipun | binakta maring Mataram ||
062.024 wus tinanahakên sami | parane Dipati Pajang | ing Surabaya jujuge | wong Mataram sampun bubar | datan kawarnèng marga | prapta ing Mataram sampun | kangjêng sultan siniwaka ||
062.025 wus katur sadaya sami | kapal kang aran Si Domba | sarta lawan boyongane | pan sampun katur sadaya | suka sri naranata | Dipati Pajang dinangu | ngêndi kang dèn ungsi iya ||
062.026 kang tinanya atur bêkti | inggih dhatêng Surapringga | katiga pisan jujuge | sri narendra angandika | lah kakang Martalaya | sira sun utus anglurug | lan Si Arya Jasupănta ||
062.027 padha cawisa kariyin | sadandananing ayuda | wong Sèwu numbakanyare | wong Bumija acawisa | lan sira utusana | mring Pathi awèha wêruh | sultan anglurug mring Tuban ||
54. Nagari Tuban kabêdhah dening wadyabala Mataram
062.028 sigra jêngkar sri bupati | malêbêt ing dhatulaya | datan winarna lamine | wong Mataram wus siyaga | dipati ing Santênan | wus angadêg barisipun | anganthi wadya Mataram ||
062.029 sang nata miyos tinangkil | pêpak wadyabalanira | samêkta lan gêgamane | Adipati Martalaya | lan Arya Jasupănta | wus winêling de sang prabu | Martalaya awotsêkar [8: 76: awo...tsêkar] ||
062.030 angandika sri bupati | lah uwis sira bubara | dèn prayitna ing yudane | para mantri samya nêmbah | wus bubar sing ajêngan | wadya untape kumutug | gêgaman sampun lumampah ||
062.031 datan kawarna ing margi | sigêgên ing lampahira | ingkang winangsulan malèh | praptane Dipati Pajang | lawan Ki Tambakbaya | wau ta ingkang tinutur | praptane ing Surabaya ||
369–370 dari 1.487