Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
62 dari 234
371–372 dari 1.487
3.702–3.711 dari 14.865
062.041 datan kawarna ing margi | wus praptèng nagari Tuban | wong Pathi golong lampahe | wadya Tuban rinayahan | kalangkung kagegeran | wong Tuban sami lumayu | angungsi sajroning kutha ||
062.042 wong Lasêm sami angili | miwah wong desa sadaya | ngili mring Tuban parane | dening dipati ing Tuban | pan sampun aputusan | dhatêng Madura karuhun | panêdha tinulangana ||
062.043 miwah ta ing Surabanggi | sami jinalukan tandang | Dipati Surabayane | anjagèng kitha priyăngga | milane tan lumampah | amung ta utusanipun | adipati ing Sanjata ||
062.044 prajurit kaplayu dhingin | kêkalahan saking Pajang | Ki Arya Tambakbayane | jinunjung [8: 78] linggih Dipatya | Sanjata aranira | punika kang kinèn bantu | maring nagari ing Tuban ||
062.045 Jagaraga kinèn ngirid | gêgaman ing Surabaya | wus bubar sagêgamane | miwah gêgaman ing Sampang | wus abantu mring Tuban | amung sèwu kathahipun | wus manjing kutha ing Tuban ||
062.046 sapraptanira ing Tubin | apan sampun sinuguhan | ênêngêna caritane | warnanên baris Mataram | pan sampun tatan-tatan | wong Mataram pondhokipun | kidule kutha ing Tuban ||
062.047 dening Adipati Pathi | barise kilèn ing kitha | sampun dadi dêdalane | biting lumampah akarya | jagang angrangsang kutha | punika ing karsanipun | sampun anêmbang têngara ||
062.048 sampun lumampah kang baris | wong Mataram ngrangsang kutha | umyang gumuruh surake | arame abêbêdhilan | sampun rame kang yuda | surake lir gunung rubuh | kadi ombaking samodra ||
062.049 sigra wong Mataram aglis | anulya angangsêg kitha | marakakên tingkês age | sêdyane anampyok kitha | ramya abêbêdhilan | aglis wong ing Tuban wau | marakakên bêdhil braja ||
062.050 awasta pun Sidamurti | saiji aran pun Gêlap | nulya ngunèkakên karo | pun Sidamurti apasah | tugêl dadi têtiga | pun Gêlapan sampun rêmpu | Dipati Tuban anjola ||
371–372 dari 1.487