Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
70–71 dari 234
407–408 dari 1.487
4.069–4.078 dari 14.865
070.121 Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | sampun dènnya nitèni | sakèh rajabrana | lawan wong dalêm pisan | Alap-alap amarani | maring sang rêtna | wuwusira wor gêndhis ||
71. Dhandhanggula
071.001 sang juwita alara anangis | Alap-alap tan kêna marêka | maksih atêbah prênahe | sakèh wong dalêmipun | samya nangis pating jalêrit | wênèh aniba-niba | sinjangnya kagulung | tan etang supe kagungan | wênèh nglingkap tapihnya tumêkèng kuping | pijêr supe karuna ||
071.002 para sêlir sangêt dènnya nangis | gêgulungan ing [9: 55] saparanira | kagulung sumur sirahe | nuju sat sumuripun | pan kajungkêl sirah nèng siti | brahalane anglela | gumêbyar lir bêruk | wong Mataram kang tumingal | pan mancêrêng lwir kucing mulat cêcindhil | anulya tinulungan ||
071.003 wontên inyane ika satunggil | angangên-angên sajroning nala | kaya kapriye wêkase | agung sami amuhun | măngsa iki kandhêga tangis | ingsun măngsa wurunga | binoyong ing besuk | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Alap-alap ing Matawis | nyai inya anêmbah ||
071.004 lah kiyai mangke kadipundi | rekandika gusti ing Santênan | lah kadipundi ing mangke | Alap-alap amuwus | alah nyai kadi punapi | ing reka jêngandika | kawula tan purun | yèn kawula masesaa | yêkti ajrih kawula dhatêng sang aji | pamothahe Ratu Mas ||
071.005 nikèn inya wuwuse aririh | lah kiyai joli pakanira | linêbokêna dèn age | mangke kawula matur | sun ririhe sang raja putri | manawa kêna lêjar | dening atur ingsun | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ing ngarsane sang suputri | rada kapara ngarsa ||
071.006 solahira Lap-alap kapati | nikèn inya andhepok nèng lêmah | amlasasih ing tangise | dhuh nyawa gustiningsun | lah kèndêla gusti rumiyin | punapa ingkang wêkas | tansah anggung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wayahe wong lanang mati ajurit | wong wadon [9: 56: wa...don] dadi tawan ||
071.007 sang suputri tan kandhêg anangis | lara-lara dènira karuna | wong dalêm anangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk bari anangis | dhuh gustiku mas nyawa | mindêla karuhun | lêhêng maraa priyăngga | sampun kongsi ginêpok wadya Matawis | gusti dados punapa ||
071.008 nikèn inya asru anayuti | lah mênênga wong dalêm sadaya | aja angrundah atine | pan gusti lagi liwung | têka padha anjurung tangis | balikan adandana | lan ngolanga sangu | lah sira măngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong dhatêng Matawis | lah payo linampahan ||
071.009 sang juwita manahe wus gigrig | pan lagi mingsêk-mingsêk kewala | kèn êmban tumulya age | pinondhong sang dyah ayu | dyan ingunggahakên ing joli | para garwa sadaya | jinoli tinandhu | wong dalêm prasamya mêdal | cinawisan tandhu wus samya anitih | wênèh nunggang jro tundhan ||
407–408 dari 1.487