Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
78 dari 234
430–431 dari 1.487
4.299–4.308 dari 14.865
| 078.019 | patènana sira gawea tontonan | lan ingsun anggawani | jêjênêng ing yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | anake paman | Pringgalaya sumêndhi || |
| 078.020 | iku iya ingong karya angganingwang | kalawan yayi adhi | basanana kakang | marang Ki Padurêksa | pan iku sêsilih mami | sun karya tingal | sisipe wong Matawis || |
| 078.021 | alah uwis padha sira adandana | sêsikêp ing ajurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | ing Balambangan kalindhih | lah boyongana | ajana kari siji || |
| 078.022 | dina Soma adhi lah sira bubara | kang rayi awotsari | sang natagya jêngkar | sangking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir lan para cèthi || |
| 078.023 | kang asowan wus sami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | kinon asaosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit || |
| 078.024 | tan kawarna lamine têka samaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan lan kang rayi || |
| 078.025 | kang awasta Ki Dipati [10: 18: Di...pati] Pringgalaya | sanakipun kêkalih | kang milu anglanggar | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris || |
| 078.026 | angandika wau Sang Nata Mataram | bubarêna kang baris | lan ta adhi poma | sira dèn aprayitna | kang rayi matur wotsari | anuli bubar | miwah kang para mantri || |
| 078.027 | wus lumampah gêgaman agêng kumêrab | prapta jabaning Taji | ambèr amalatar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kadhiri | măncanagara | wau ingkang dèn anti || |
| 078.028 | Jagaraga Kaduwang lan Kamagêtan | Madiun sampun prapti | miwah Panaraga | Caruban Kartasana | Kalangbrèt lawan ing Rawi | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti || |
430–431 dari 1.487