Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10–11 dari 234
49–50 dari 1.487
488–497 dari 14.865
| 010.082 | bok pinaido ing janmi | Ki Dilah umatur sira | ibu yèn makatên ingong | kawula ibu ngawula | dhatêng Sang Brawijaya | nawalani ibunipun | adhuh gusti sutaningwang || |
| 010.083 | aja ngawula sirèki | iya marang Brawijaya | manawa [2: 6] sira nak ingong | tan dèn aku ramanira | sapa kawogan wirang | Ki Dilah aris umatur | ibu suka tan sukaa || |
| 010.084 | kawula amêksa ugi | tan kèndêl ulun ingampah | dahat kapengin wak ingong | angawula ing sang nata | Narendrèng Majalêngka | ri kang ibu pan kalangkung | gènnya arta driyanira || |
| 11. Dhandhanggula | |
| 011.001 | datatita lingira ing nguni | kocapa Jaka Dilah gya mêsat | sah sing ngarsane ibune | dahat tan wrin pitutur | Jaka Dilah mêksa lumaris | datan kêna ingampah | Ki Dilah wus laju | datan kawarna ing marga | lampahira praptèng nagri Maospait | cingak sakèh kang mulat || |
| 011.002 | sapraptanira ing păncaniti | lampahira Ki Dilah tumama | adhedhe ing pasebane | ki apatih winuwus | Gajahmada ing Maospait | kalanira yun seba | Ki Dilah kadulu | ngalosod anèng paseban | Ki Apatih Gajahmada nulya angling | rare ing ngêndi sira || |
| 011.003 | Jaka Dilah matur ing ki patih | ulun rarywalas tan wrin pinăngka | tan kantênan ing wijile | tan wruh ing bapa babu | ulun iki kang anusoni | pantês kidang manjangan | mrak ngêmuli ulun | kadya lêlayangan pêgat | sagènipun[1] tumiba sarira iki | sakarsaning Hyang Sukma || |
| 011.004 | Ki Apatih Gajahmada angling | lare ngalas sapa aranira | lan apa karti marene | sira Dilah umatur | pan Ki Dilah ran ulun iki | karya ulun [2: 7: ulu...n] punika | dhatêng Maoslangu | arsa ngabdi Brawijaya | pênêd ulun sinangkêlangana arit | ulun dhatêng sandika || |
| 011.005 | Kyai Patih Gajahmada angling | lah Ki Dilah payo mring paseban | lah sun aturakên mangke | mring Natèng Majalangu | ki apatih lumampah aris | ingiring mring Ki Dilah | praptèng alun-alun | adhedhe waringin kalang | Brawijaya sineba ing păncaniti | pêpak wadya punggawa || |
| 011.006 | Brawijaya angandika aris | hèh wong gandhèk sira turunana | ing alun-alun dèn age | lah pariksanên iku | kang adhedhe soring waringin | lah sira takonana | sang duta tumanduk | cundhuk Patih Gajahmada | nulya mojar matura duta mring gusti | pun Dilah angawula || |
| 011.007 | ri sang duta sigra mangsah prapti | ing ngayunira Sang Brawijaya | sang duta atur sêmbahe | nênggih pun patih wau | ngaturakên ing pêcêl alit | sangkanipun sing wana | pun Dilah ranipun | arsa ngabdi ring paduka | sri narendra wau sira aningali | maring sira Ki Dilah || |
49–50 dari 1.487
| 1 | sanggènipun. (kembali) |