Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
107 dari 234
601–602 dari 1.487
6.006–6.015 dari 14.865
| 107.028 | Narpati Ngalaga [13: 54] busananirendah | bajo baludru randhi | binalênggi mubyar | sinuji têtirahnya | akancing hèr laut adi | amyang ing jaja | lancingan pinapanji || |
| 107.029 | apaningsêt tambe surati rinêngga | dhêsthar gonje kinitir | mubyar tatalyabra | muncar akêthap-kêthap | ujwalanira nêlahi | asarawungan | lan pêkiking narpati || |
| 107.030 | datan măntra-măntra janma madyapada | lwir hyang asmarèng swargi | apan sri narendra | ayuswa tri dasastha | sêdhêng muwahing apêkik | mêmpêng kasuran | berag sêdhêng ing kardi || |
| 107.031 | anyuriga dhuwung Kya Maesanular | Kya Palèrèd ingampil | ngarsanya tan têbah | kumrutug wadyanira | saking alun-alun mijil | lir gunung sêkar | abra busana jrihi || |
| 107.032 | dya[1] Pangeran Pamênang agurawalan | umatur ing narpati | anggèr yèn sêmbada | sampun paduka mêdal | mêmpêna ing păncaniti | sagung sanjata | pinapagakên jurit || |
| 107.033 | kyai Gunturgêni myang Kyai Subrastha | Sagarawana malih | myang Kumbarawi Kumba |[2] Pamêcut ingisenan | punika lamun suwawi | ingangge yuda | ngandika sri bupati || |
| 107.034 | inggih paman pakênira kang prayoga | mriyêm ingkang nunggoni | pan manira paman | ngrêbut Si Măndhalika | yèn mangke kasor ing jurit | rusaking bala | wontêna kang dèn ungsi || |
| 107.035 | wus angantun wau Pangeran Pamênang | wong saragni sapalih | mriyêm kang jinaga | pan sampun ingisenan | ya ta [13: 55] wau sri bupati | praptèng payudan | sigra anata baris || |
| 107.036 | wadyèng Kartasura mulat mungsuh prapta | sumahab wong Matawis | mundur sanalika | wadya ing Kartasura | nging Măndhalika wus mati | murda tinigas | katur ing Sri Bupati || |
| 107.037 | Prabu Amangkurat langkung tusthanira | dening katurirèki | yèn Ki Măndhalika | pamungkas aniskara | kang ambangus mring kang rayi | murda wus kinwan | manjêr têngahing baris || |
601–602 dari 1.487
| 1 | Dyan. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: Kumbarawi Kumba. (kembali) |