Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
108 dari 234
607–608 dari 1.487
6.067–6.076 dari 14.865
108.007 angungsia pun bapa kariyin | enggal wayah wus mênang ayuda | mung kari ngeca-ecane | tulus jumênêng ratu | yèn pun bapa milwa adhingin | ayuda lan kang raka | myang Walănda iku | ngong gêtaka bae minggat | sigra ingaturan wau sri bupati | marang kadhatonira ||
108.008 tan kawarna kang anèng ing Mêsir | kawuwusa Prabu Amangkurat | pan sampun prapta lampahe | Kartasura ngadhatun | ya ta wontên caraka prapti | saking Ki Mangkuyuda | tur uninga wau | yèn kang rayi wus kantênan | Natèng Laga nèng Salinga madêg baris | Namrud bêbotohira ||
108.009 dene wadyabala kang angungsir | Mangkuyuda lawan Natayuda | abaris bumi Bagêlèn | ing Parapag atugur | duk miyarsa [13: 63: miyar...sa] sri narapati | alon dènnya ngandika | adhuh ariningsun | Adipati Pugêr sira | lali têmên kêna pambangusing dasih | yèn awèt mangkenea ||
108.010 yêkti awèt rusaking kang bumi | lamun yayi mas awèt suwala | tan eca gon madêg rajèng | sang natagung mirangu | tikbraning tyas amung kang rayi | tan eca nadhah nendra | wau Sang Aprabu | Mangkurat gantya winarna | ingkang wontên Salinga sri narapati | sang Prabu Ing Ngalaga ||
108.011 sira Namrud ingkang ananggupi | anulusna adêgira nata | anirnakna sêsukêre | myang angrurah kadhatun | samangsane Namrud nanggupi | marma ingêla-êla | dènira sang prabu | tinariman kang santana | têtilare Pangeran Silarong swargi | kang kinarya ganjaran ||
108.012 pan kaprênah arine tumuli | dening sira Pangeran Pamênang | marma maludag surane | nanging ta sang aprabu | karsanira magut tumuli | lumaksanèng payudan | nanging sira Namrud | anggung samaya kewala | yèn ingatag budhal tansah năngga krami | lami tanpa wêkasan ||
108.013 dadya kaku tyasirèng narpati | angundhangi para mantrinira | kinèn asiyaga kabèh | wadyèng Kalagan umung | para mantri atata baris | sigra Pangran Pamênang | sangêt aturipun | anak prabu dèn asabar | sabudine tinurut Namrud puniki | malah labuh ing karya ||
108.014 Natèng Ngalaga puwas ing galih | sigra budhal saha balanira | marang [13: 64] Bagêlèn jujuge | ing Samalangu rawuh | apan sampun umadêg baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya tunggul | senapatining ayuda | Arya Surajaya Arya Wiramantri | myang Arya Natabrata ||
108.015 wadyèng Bagêlèn kathah kang prapti | seba ing Gusti saha warastra | sampun andadi barise | sigra budhal sang prabu | wadyèng Kartasura kang baris | kang tugur ing Parapag | pan sampun ginêpuk | dening Arya Tambakbaya | sakancane wong Kartasura udani | yèn Prabu Ing Ngalaga ||
108.016 anindhihi wurining kang baris | pan malêdug bala Kartasura | lumayu datanpa lèrèh | wadya Bagêlèn anglud | saparane pan atut wuri | wus prapta ing Mataram | maksih dèn bêbujung | Mangkuyuda Natayuda | anèng Pokak dènnya kèndêl tata baris | ya ta Prabu Ngalaga ||
607–608 dari 1.487