Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 234
611–612 dari 1.487
6.102–6.111 dari 14.865
109.020 pan gumêrah swaraning wadyèng barisan | ing wayah sirêp janmi | Dipati Urawan | pitêkur pinggir jurang | apan angantosi enjing | arsa tumama | ing dalu pan kuwatir ||
109.021 yèn ngantosa siyang pisan Ki Urawan | iya kalangkung watir | bok wontên uninga | marang ki adipatya | manawa winastan têlik | kandhêg ing jaba | pasthi yèn dèn patèni ||
109.022 bokmanawa nora kongsi asêsambat | nora katur ing gusti | Sinuhun Ngalaga | dadya Kyai Urawan | sadalu amêrêm mêlik | nèng pinggir jurang | samana bangun enjing ||
109.023 Ki Urawan marêpêki pasanggrahan | momor lawan pangarit | katuju samana | gamêl dalêm punika | Ki Urawan dèn takoni | rika wong apa | Ki Urawan nauri ||
109.024 ingsun iki gamêle Ki Tambakbaya | mêntas dipun gêbugi | purik ingong iya | arêp milu ing sira | yèn ingsun ana ing jawi | pasthi kacandhak [13: 69: kaca...ndhak] | têmah dèn pala malih ||
109.025 gamêl dalêm angrês manahe miyarsa | ingajak wus umiring | kinèn nyangking dhêdhak | wus praptèng pasanggrahan | warnanên sri narapati | anuju têdhak | mariksa kang turanggi ||
109.026 Ki Urawan kumêpyur dulu sang nata | sigra amarêpêki | praptèng ngarsanira | manêmbah ngrangkul pada | pan sarwi lara anangis | dhuh gustiningwang | kang abdi lir angimpi ||
109.027 kagyat mulat Sri Naranatèng Ngalaga | dinulu yèn Ki Sêndhi | Prabu Ing Ngalaga | alon dènnya ngandika | hèh bagea sira Sêndhi | apa karyanya | prapta lara anangis ||
109.028 Ki Urawan wotsêkar sarwi karuna | dhuh gusti sang apêkik | ulun pêjahana | yènta tuwan taksiha | asuwalèng karsa gusti | lawan rakanta | paran dadosing bumi ||
109.029 ing rat Jawi gusti sintên kang ngemana | liya sampeyan gusti | lan raka paduka | yèn tuwan tan emuta | tan angeman ing wadyalit | anggung ayuda | ewon bala kang mati ||
611–612 dari 1.487