Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 234
64–65 dari 1.487
633–642 dari 14.865
| 011.143 | suksmaning sarira ya sarining | ring buwana swabawanya tekang | ing kalbu kalairane | kalairaning kalbu | nyatèng naya nitya nampani | sawadining wardaya | nitya wahyanipun | ing wacana gènnya mêdhar | pasthi kono panêngêraning janma di | widagdèng cipta maya || |
| 011.144 | Radèn Patah nêmbah mring sang yakti | pan kakênan saciptaning rasa | sang maha yêkti dan linge | anêmbah radèn putu | maring ulun sira puniki | pira liring [2: 36] anêmbah | ywan tan wruhèng tuduh | lwir anêmbah tawang-tuwang | tan sampurna dènira manjing astuti | wacananira bakal || |
| 011.145 | Radèn Patah malingsêm ing ati | amiyarsa panabdèng pandhita | tan mantrèng wadi gatine | pan pêpakaning tanduk | lawan warah wara numungsi[1] | karuhun ing agama | gumanti sinêngkung | anggagap ing gita basa | dêmi tan mantrèng punika sipi dening | yèn dadia sujana || |
| 011.146 | lwir katurunan lelatul kadri | samene kapustakèng wardaya | durung tumon salamine | kang têka jlêg anulus | kang tan lawan ataki-taki | lamun tan anging iya | bisa tan winuruk | pan amung nayakaningrat | satêrahe têrus ing măngsa mangkyèki | tan ana mangkonoa || |
| 011.147 | Radèn Patah matur ing sang yakti | ulun iki byanta jarwanana | sêmbah ingkang sampurnane | sigra mojar sang wiku | kang sinêmbah ingkang rumiyin | bapa dening kang yoga | kaping kalih guru | karane guru sinêmbah | nampurnakkên ing èlmunira sajati | gusti kang kaping tiga || |
| 011.148 | pakarane sinêmbah kang gusti | dening purba lawan amisesa | kaping pat ing mratuwane | karan sinêmbah putu | dening awèh rasa sajati | kaping lima sinêmbah | sanak tuwa iku | dening gêgêntining yayah | iya iku padha unggyan pangabêkti | yèku kang katarima || |
| 011.149 | Radèn Patah micara ing ati | sang pandhita iki pan waspada | widagdèng sawacanane | dahat ywan janma luhung | sang pandhita nauri [2: 37] aris | karaningsun waspada | maring sira putu | tan beda lan raganira | ya lêlana atilar ing yayah bibi | subrata mati raga || |
| 011.150 | ulun iki dudu wong ing Jawi | putranira Sang Putri ing Cêmpa | bapaningsun saking Tulèn | têrah nabi panutup | angajawa ingkang kêkasih | Makdum Brahim Asmara | apan kandhêg iku | ana nagara ing Cêmpa | rabi putri owah ping pitu kang warni | iku aputra ringwang || |
| 011.151 | kang atuwa warnane sang putri | pan sadina pan owah ping lima | uwak ingsun ing bênêre | ingkang kalap sang prabu | tanah Jawa ing Majapait | purwaningsun ngajawa | kinon dening ibu | atinjo maring si uwa | kang sun tilar ing Cêmpa sampun kawatir | gêmpur de wong Pratokal || |
| 011.152 | nulya ingsun kinon de rama ji | Majalangu rabi lawan suta | Dipati Wilatiktane | wisma kinon ing ulun | Ngampèldênta dhêkah ing riki[2] | kinon dadia imam | ing Masigit Agung | ingiring wong Surabaya | marmanira wong Jawa Islam rumiyin | sarta kinon sang nata || |
64–65 dari 1.487
| 1 | numusi. (kembali) |
| 2 | ngriki. (kembali) |