Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
64 dari 1.487
631–640 dari 14.865
011.141 Susuhunan Ngampèldênta angling | kae putu ulun datan sama | yèn kita ika mulane | pantês trahing wong agung | pangulatan ing nala mami | sun têngahing watara | katimbang ing tanduk | kapanggih ing panalika | laku linggih solah muna lawan muni | minăngka panêngêran ||
011.142 Radèn Patah sigra dènya angling | hèh sang wiku lah kadi punapa | ing janma di panêngrane | candhi purana gêmpur | pracihnane tan ana kari | Pandhita Ngampèl mojar | cihnaning pandulu | yakti kabayan ing ujar | pangucape yakti kabayaning ati | tyas kabayaning Suksma ||
011.143 suksmaning sarira ya sarining | ring buwana swabawanya tekang | ing kalbu kalairane | kalairaning kalbu | nyatèng naya nitya nampani | sawadining wardaya | nitya wahyanipun | ing wacana gènnya mêdhar | pasthi kono panêngêraning janma di | widagdèng cipta maya ||
011.144 Radèn Patah nêmbah mring sang yakti | pan kakênan saciptaning rasa | sang maha yêkti dan linge | anêmbah radèn putu | maring ulun sira puniki | pira liring [2: 36] anêmbah | ywan tan wruhèng tuduh | lwir anêmbah tawang-tuwang | tan sampurna dènira manjing astuti | wacananira bakal ||
011.145 Radèn Patah malingsêm ing ati | amiyarsa panabdèng pandhita | tan mantrèng wadi gatine | pan pêpakaning tanduk | lawan warah wara numungsi[1] | karuhun ing agama | gumanti sinêngkung | anggagap ing gita basa | dêmi tan mantrèng punika sipi dening | yèn dadia sujana ||
011.146 lwir katurunan lelatul kadri | samene kapustakèng wardaya | durung tumon salamine | kang têka jlêg anulus | kang tan lawan ataki-taki | lamun tan anging iya | bisa tan winuruk | pan amung nayakaningrat | satêrahe têrus ing măngsa mangkyèki | tan ana mangkonoa ||
011.147 Radèn Patah matur ing sang yakti | ulun iki byanta jarwanana | sêmbah ingkang sampurnane | sigra mojar sang wiku | kang sinêmbah ingkang rumiyin | bapa dening kang yoga | kaping kalih guru | karane guru sinêmbah | nampurnakkên ing èlmunira sajati | gusti kang kaping tiga ||
011.148 pakarane sinêmbah kang gusti | dening purba lawan amisesa | kaping pat ing mratuwane | karan sinêmbah putu | dening awèh rasa sajati | kaping lima sinêmbah | sanak tuwa iku | dening gêgêntining yayah | iya iku padha unggyan pangabêkti | yèku kang katarima ||
011.149 Radèn Patah micara ing ati | sang pandhita iki pan waspada | widagdèng sawacanane | dahat ywan janma luhung | sang pandhita nauri [2: 37] aris | karaningsun waspada | maring sira putu | tan beda lan raganira | ya lêlana atilar ing yayah bibi | subrata mati raga ||
011.150 ulun iki dudu wong ing Jawi | putranira Sang Putri ing Cêmpa | bapaningsun saking Tulèn | têrah nabi panutup | angajawa ingkang kêkasih | Makdum Brahim Asmara | apan kandhêg iku | ana nagara ing Cêmpa | rabi putri owah ping pitu kang warni | iku aputra ringwang ||
64 dari 1.487

 


numusi. (kembali)