Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
66–67 dari 1.487
660–669 dari 14.865
011.170 Radèn Patah manêmbah nulya mit | anglampahi tuduhing pandhita | tumanduk radèn angilèn | anêrak ing wana gung | mêdyanira nulya kapanggih | galagahnya kawiyak | gandanya mrik arum | rahadèn nulya araryan | wanantara anênggih wastanirèki | ya wana ing Bintara ||
011.171 Radèn Patah têtaruka aglis | babad alas sampun dhinukuhan | anjênêngakên masjide | dadya Jumungah agung | têpis iring kang andhatêngi | dadya wisma Bintara | mapan manjing guru | sumuyud ing Radèn Patah | dadya gêmah wana ing Bintara mangkin | kasusra nagri liyan ||
11. Radèn Bondhan Kajawan
011.172 datatita lingira ing nguni | dyan kocapa Risang Brawijaya | Majapait nagarane | siniwèng sitiluhur | singangsana manik alinggih | pinatik nawarêtna | alêlamak babud | pêpak santana lan putra | angabèi tumênggung lan pra dipati | răngga dêmang lan tăndha ||
011.173 Brawijaya sigra dènira ngling | hèh sang juru tênung lan tabibah | lan sira juru ujume | benjang sapungkur ingsun | apa ana ingkang gêntèni | satêrah-têrah [2: 42] ingwang | anèng Majalangu | jumênênga Brawijaya | kadya ingsun lah jawabên dèn sayêkti | juru tênung aturnya ||
011.174 hèh sang nata kantun tigang siki | titis mêdhang pasthi dadi nata | gumantya nata jênênge | pan dados ratu agung | lan ing têmbe ngalih nagari | ing satêrah sang nata | ing Mataram nêngguh | kèdhêp sakèh Ratu Jawa | padha seba anênggih dhatêng Matawis | prabu tanpa singsingan ||
011.175 sri narendra luwaran tinangkil | pan tumama sirèng ngabyantara | widigdèng nata prabune | sigra sira macundhuk | lawan Putri ing Darawati | tan kawarnaa sira | akaroron lulut | warnanên mangke sang nata | gêrah sangêt rajasinganên narpati | alama tan sineba ||
011.176 sakèh usada tan anêdhasi | gêrahira sampun tigang căndra | tan ana ika sênggange | ing wayah tabuh têlu | amiyarsa swara tan kaksi[1] | wau sri naranata | kang swara sabda rum | arsa ta sira waluya | hèh sang nata sakitira iku ugi | anganggea wong wandhan ||
011.177 angulatana wong wandhan kuning | samăngsa rêke sira anggea | pinasthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | Sri Narendra ing Maospait | ya kinèn ngulatana | wong wandhan nulya nut | bêbêktan saking ing Cêmpa | parêkane Nimas Ratu Darawati | bêboyongan sing wandhan ||
011.178 cinarita putri wandhan kuning | kamulane anèng nagri Cêmpa | duk kalèng wandhan bêdhahe | ya ta sira sang prabu | punang wandhan dipun sarèni [2: 43] | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | salaminira sang nata | anyarèni ing kênyatan kadi mangkin | ing mangke kang sarira ||
011.179 anulya wawrat sang wandhan kuning | sampun lama jangkêp ing samaya | saksana mbabar putrane | jalu warna abagus | cahyanira amindha sasi | sêdhênge sasadara | wus katur sang prabu | yèn wandhan kuning ambabar | miyos jalu warnane aluwih pêkik | cahya anglir sasăngka ||
66–67 dari 1.487

 


1 kèksi (dan di tempat lain). (kembali)