Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 234
67–68 dari 1.487
667–676 dari 14.865
| 011.177 | angulatana wong wandhan kuning | samăngsa rêke sira anggea | pinasthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | Sri Narendra ing Maospait | ya kinèn ngulatana | wong wandhan nulya nut | bêbêktan saking ing Cêmpa | parêkane Nimas Ratu Darawati | bêboyongan sing wandhan || |
| 011.178 | cinarita putri wandhan kuning | kamulane anèng nagri Cêmpa | duk kalèng wandhan bêdhahe | ya ta sira sang prabu | punang wandhan dipun sarèni [2: 43] | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | salaminira sang nata | anyarèni ing kênyatan kadi mangkin | ing mangke kang sarira || |
| 011.179 | anulya wawrat sang wandhan kuning | sampun lama jangkêp ing samaya | saksana mbabar putrane | jalu warna abagus | cahyanira amindha sasi | sêdhênge sasadara | wus katur sang prabu | yèn wandhan kuning ambabar | miyos jalu warnane aluwih pêkik | cahya anglir sasăngka || |
| 011.180 | sigra pinundhut sang jabang bayi | de sang nata anulya winangwang | tuhu yèn bagus rupane | angandika sang prabu | maring bala ing Majapait | lah sira timbalana | ri samitraningsun | sira Ki Buyut Masahar | juru sawahira mangke sang narpati | sigra praptèng ngayunan || |
| 011.181 | Brawijaya sigra dènya angling | hèh Sang Buyut sira ing Masahar | ambilên jabang bayine | sira gawea sunu | apan sira nora nganaki | wêkas ingsun mring sira | yèn jangkêp sawindu | rare iku patènana | aywa sira lirwah[1] ing ubaya mami | sun supatani sira || |
| 011.182 | karananya wêkas ingsun gati | maring sira ing sang rare jabang | si juru tênung tabibe | pinêca dadi ratu | lan angrusak ing jênêng mami | Ki Buyut ing Masahar | sigra amit mantuk | kang jabang bayi binêkta | praptèng wisma ni buyut egar ing ati | amanggih anak lanang || |
| 011.183 | warnanira dinulu apêkik | mapan tusing subrata kusuma | nyai buyut langkung sihe | dènira darbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore karêksa [2: 44] | myang pangrêksanipun | ni buyut pinancawara | polahira kadi bêbêle pribadi | ing dalu kinêmitan || |
| 011.184 | anak putu ingkang samya kêmit | sarupane tiyang pasawahan | kang jalu kêmit dalune | kang èstri mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | anggawa pon-êmponnya | lawan lisahipun | miwah ambêkta dhadharan | pan akathah gumêrah kang angladèni | ing dalu lawan siyang || |
| 011.185 | gêdêring wong lwir adarbe kardi | kyai buyut langkung sukanira | amarwata suta tyase | ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wastani | Radèn Bondhan Kajawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi samana | lwir ginege glis agêng kathah kang warsi | aumur kawan warsa || |
| 011.186 | laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kajawan punika | ki buyut nyèngi rabine | anakira ki buyut | pan andungkap ing pitung warsi | wêwêlinge sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan || |
67–68 dari 1.487
| 1 | lirwa. (kembali) |