Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 234
68–69 dari 1.487
676–685 dari 14.865
| 011.186 | laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kajawan punika | ki buyut nyèngi rabine | anakira ki buyut | pan andungkap ing pitung warsi | wêwêlinge sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan || |
| 011.187 | nyai buyut sigra dènya angling | kaki buyut suta pakênira | Ki Bondhan Kajawan Radèn | wus dadi manah ingsun | lamun ingsun ngalap pêpati | pan ingsun patènana | dènira karuhun | ki buyut narik curiga | tarkanira mring Radèn Bondhan sayêkti | nyai buyut aniba || |
| 011.188 | nyai buyut kantaka tan sipi | kyai buyut kandhêg karsanira | anon kalêmpêr rabine | angucap [2: 45: angu...cap] ing tyasipun | yèn sidaa ingsun pêjahi | anak ingsun Ki Bondhan | rabiningsun lampus | pindho papa awak ingwang | suta mati rabiningsun uga mati | lupèng rèh janma tama || |
| 011.189 | kyai buyut agya amarani | rabinira anulya ingêmban | ki buyut aris wuwuse | rabiningsun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun idhêp sabdanira | anakira wurung | gèn ingsun sêdya miala | nyai buyut anulya sira anglilir | putranira kinuswa || |
| 011.190 | Kyai Buyut ing Masahar angling | yèn mangkono yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kitha iku | arsa matur maring sang aji | aywa katingal lirwa | ing ubaya ingsun | sarèh ingsun ingubayan | bok iyaa ingsun karya manis ing ling | panulake nakira || |
| 011.191 | sun aturêne yèn sampun mati | anakira Ki Bondhan Kajawan | dèn abêcik rumêksane | anulya lumastantun | Kyai Buyut Masahar aglis | malêbwèng jroning kitha | nênggih Majalangu | age dènira lumampah | sigra prapta ing Majapait nagari | sang nata sinewaka || |
| 011.192 | pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Maospait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | alinggih ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata || |
| 011.193 | jabang bayi apan sampun mati | ulun [2: 46: ulu...n] tuhu sabdaning narendra | sampun tutug ing umure | jangkêp ing pitung taun | Risang Nata ing Maospait | sigra dènya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atma rêksa prasêtyaning | têmên-têmên kang ucap || |
| 011.194 | uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mêngko pralina | hèh wong mantri ingsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati raga || |
| 011.195 | Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mentara dèn agya || |
68–69 dari 1.487