Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
69–70 dari 1.487
682–691 dari 14.865
011.192 pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Maospait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | alinggih ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata ||
011.193 jabang bayi apan sampun mati | ulun [2: 46: ulu...n] tuhu sabdaning narendra | sampun tutug ing umure | jangkêp ing pitung taun | Risang Nata ing Maospait | sigra dènya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atma rêksa prasêtyaning | têmên-têmên kang ucap ||
011.194 uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mêngko pralina | hèh wong mantri ingsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati raga ||
011.195 Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mentara dèn agya ||
011.196 Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swarèng wadya lumaku | pan kumutug lir lesus angin | tumamèng wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayap ing sakabat ||
011.197 Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya lênggah tumungkul mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | Kakang Patah ulun puniki | dinuta ing sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Maospati | sang natarsa pangguha [2: 47: pang...guha] ||
011.198 Adipati ing Têrung dera ngling | Radèn Patah angatag sakabat | pan kumutug têka kabèh | umikêt mangsah cundhuk | Radèn Patah lumampah aris | tan warnanên ing marga | praptèng Majalangu | agya masuk ing byantara | Radèn Patah kandhêg anèng sri manganti | sang nata kapangguha ||
011.199 sigra mojar Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan amundhut age | nulya prapta ing ngayun | tinanggapan dera sang aji | nulya sira kinaca | warnane dinulu | sarupa lan Radèn Patah | kadya lirang anom tan kêna pinalih | suka tyasnya sang nata ||
011.200 Radèn Patah dinuk aprayogi | laku linggih solah lan pangucap | mênêng kalawan sêmune | sampun padha lan ratu | Sri Narendra ing Maospait | mojar ing Radèn Patah | sira pan sun aku | tanayaningsun dadia | Radèn Patah manêmbah maring sang aji | ngusap lêbu suku sang ||
011.201 Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisudha | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira anèng pagêlaran sami | liyangan kandhaga mas ||
69–70 dari 1.487