Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
11 dari 234
69–70 dari 1.487
684–693 dari 14.865
| 011.194 | uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mêngko pralina | hèh wong mantri ingsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati raga || |
| 011.195 | Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mentara dèn agya || |
| 011.196 | Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swarèng wadya lumaku | pan kumutug lir lesus angin | tumamèng wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayap ing sakabat || |
| 011.197 | Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya lênggah tumungkul mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | Kakang Patah ulun puniki | dinuta ing sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Maospati | sang natarsa pangguha [2: 47: pang...guha] || |
| 011.198 | Adipati ing Têrung dera ngling | Radèn Patah angatag sakabat | pan kumutug têka kabèh | umikêt mangsah cundhuk | Radèn Patah lumampah aris | tan warnanên ing marga | praptèng Majalangu | agya masuk ing byantara | Radèn Patah kandhêg anèng sri manganti | sang nata kapangguha || |
| 011.199 | sigra mojar Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan amundhut age | nulya prapta ing ngayun | tinanggapan dera sang aji | nulya sira kinaca | warnane dinulu | sarupa lan Radèn Patah | kadya lirang anom tan kêna pinalih | suka tyasnya sang nata || |
| 011.200 | Radèn Patah dinuk aprayogi | laku linggih solah lan pangucap | mênêng kalawan sêmune | sampun padha lan ratu | Sri Narendra ing Maospait | mojar ing Radèn Patah | sira pan sun aku | tanayaningsun dadia | Radèn Patah manêmbah maring sang aji | ngusap lêbu suku sang || |
| 011.201 | Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisudha | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira anèng pagêlaran sami | liyangan kandhaga mas || |
| 011.202 | tan warnanên laminira mangkin | Adipati Bintara ngandikan | ing sang nata prapta age | ana ing lêmahdhuwur | Sri Narendra ing Maospait | mojar maring kang putra | adipati iku | ing Bintara lah muliha [2: 48] | wismanira wana ing Bintara nênggih | gawanên wong salêksa || |
| 011.203 | gêmahêna dènirèng wanadri | wirayate ing sapungkur ingwang | dadi nagara agêdhe | iku ing têmbe nêngguh | purwanira Islam nagari | iya iku ing Dêmak | nênggih aranipun | lamun sira anèng wisma | sabên warsa sebaa ing Majapait | lèn ing pêndhak katiga || |
69–70 dari 1.487